Langsung ke konten utama

YAYASAN BAGONG KUSSUDIARDJA Yogyakarta

YAYASAN BAGONG KUSSUDIARDJA

Almarhum Bagong Kussudiardja inggih punika salah setunggaling seniman saha budayawan ageng ingkang wonten ing Indonesia inggih punika wonten ing Kasihan, Bantul, Yogyakarta. Piyambakipun sampun kasil anggenipun ngrembakaaken visi kabudayan ingkang ancasipun mbangun manungsa Indonesia mawi seni saha kabudayan. Seni saha kabudayan punika sampun dipunwiwiti piyambakipun saking taun 1950-an, lajeng dipundamel lembaga pendidikan seni non formal taun 1987. Ing taun 2004, piyambakipun seda kanthi ninggalaken warisan arupi kreativitas ingkang inggil saha sawijining ‘padhepokan seni’ ingkang betahaken pengelolaan. Pamikiran kagem pengelolaan padhepokan seni punika ingkang nuwuhaken Yayasan Bagong Kussudiardja.
Yayasan Bagong Kussudiardja inggih punika lembaga nirlaba ingkang ngelola aset padhepokan seni minangka rumah budaya terbuka ingkang ancasipun kagem ngraketaken saha mbangun sesarengan seni kalian masyarakat. Yayasan Bagong Kussudiardja dipundamel kanthi orientasi minangka organisasi ingkang maringi layanan (service organization), mawi pengolahan saha ngrembakaaken praktek-praktek ing salebetipun aktivitas seni saha masyarakat.
Griya budaya Yayasan Bagong Kussudiardja ingkang gadhah papan udakara 5.000m2 punika manggen wonten ing sawijining desa ing sangandhapipun gunung sempu (bukit sempu) ing tlatah kabupaten Bantul, udakara 20 menit saking kutha Yogyakarta, utawi 2 km saking kasongan (sentra industri tanah liat) ingkang caket kaliyan sentra padamelan wayang kulit (desa Krebet). Mapanipun wonten ing sisih kidulipun Ring Road Selatan (arah pabri gendhis Madukismo).
Budaya Yayasan Bagong Kussudiardja mapan wonten ing sapinggiring lepen Konteng, ingkang gadhah swasana ayom, ayem, asri. Fasilitas ingkang kasadhiyakaken inggih punika : sawijining studio ageng ingkang ugi damel ruang pertunjukan utami (12 m X 10,5 m), studio awujud arena, saha studio ingkang dipunbangun kanthi wujud arupi pendhapa. Sedaya studio multifungsi kagem mapinten-pinten aktifitas kreatif inggih punika, prosesi latian, diskusi, workshop lsp. Sanesipun ugi wonten studio rekaman (audio) digital, ruang latian musik karawitan (gamelan), kantor, toilet, saha area parker ingkang eca.


Yayasan Bagong Kussudiardja gadhah visi saha misi inggih menika:
Visi :
Dados griya budaya ingkang majeng kagem maringi kontribusi ingkang ngrembakaaken donya seni ing Indonesia minangka jembatan ingkang ngraketaken seni kaliyan masyarakat. Yayasan Bagong Kussudiardja gadhah ikhtiar kagem ngrangsang gairahipun perkembangan budaya saha perkembangan kreativitas masyarakat Indonesia, mawi peran aktif wonten ing seni, komunitas seni, saha sesarengan masyarakat kaliyan seni.
Misi :
Yayasan Bagong Kussudiardja inggih menika griya budaya nirlaba ing Yogyakarta ingkang mujudaken seni pertunjukan minangka media dialog saha pembelajaran kagem ngrangsang gairah kreativitas komunitas seni saha masyarakat. Yayasan Bagong Kussudiardja ngolah proses-proses pembelajaran bab seni saha ngginakaken seni minangka media, mawi presentasi karya seni pertunjukan, fasilitas pengembangan daya kerja kreatifseniman (artistik dan non artistik), ngrencanakaken saha mbangun program ingkang ningkataken peran aktif masyarakat sareng-sareng kaliyan seni.
Kagiatan-kagiatan ingkang asring dipunanakaken wonten ing Yayasan Bagong Kussudiardja inggih menika:
a.       Jagongan wagen
Program pagelaran saha apresisasi karya seni pertunjukkan ingkang dipunanakaken mawi cara terbuka saha rutin ing saben sasi wonten ing griya budaya Yayasan Bagong Kussudiardja.
Pagelaran seni pertunjukan inggih menika ruang sinergi ingkang nemokaken semangat sesarengan kaliyan energy kreatif saged ngrangsang inspirasi saha imajinasi ingkang ningkataken gairah hidup sehat saha ayom, ayem, tentrem. Mawi program punika, Yayasan Bagong Kussudiardja pitados saha gadhah pamanggih menawi makna kekiatan ruang pementasan seni pertunjukan minangka media saha sarana kagem sami-sami sinau. Inggih punika bab energi kreatif saha kreativitas ingkang kedah dipun jagi saha dipuntuwuhaken.
Jagongan inggih punika kreativitas kempal sesarengan saha nindhakaken rerembugan wonten ing swasana ingkang santai saha akrab. Wagen, punika amargi boten sengaja wiwitanipun dipunanakaken, ugi punika dipunpitados minangka perputaran waktu. Boten mesti kedah wage,ingkang wigatos saben sasi punika wonten Jagongan Wagen. Wonten kempal-kempal, pentas seni pertunjukkan,saha wonten rerembugan. Saengga Jagongan Wagen punika minangka adicara ingkang dipuntengga-tengga ing saben sasinipun.

b.      Muara
Program fasilitasi dialog kreatif lintas media seni saha lintas budaya.
Ketemunipun aliran lepen kaliyan segara, punika ingkang dipunsebat muara. Wonten ing konteks pertemuan, ing program Muara Yayasan Bagong Kussudiardja inggih menika fasilitasi ruang saha peluang ingkang nepungaken seniman (komunitas seni) lintas disiplin bidang/media seni saha utawi lintas budaya, kagem sami-sami nindhakaken aktifitas (kreatif) pembelajaran sesarengan. Fasilitasi ruang pertemuan ingkang maringi peluang dialog punika boten namung kagem ngrembakaaken sawijining wujud seni pertunjukan enggal utawi pengriptaning karya ingkang dipuntandhangi sareng-sareng, ananging punika langkung kagem ningkataken daya kritis saha perspektif nalika nyinauni saha mangertosi keberagaman saha perkembangan wujud seni, ketrampilan (teknik) seni ingkang beda, metode proses kreatif pangriptaning karya seni pertunjukan, saha kekiatan budaya ingkang dados undheraning perkawis para seniman.

c.       Among sedulur
Fasilitasi kagiatan kreatif kanthi mumpangataken seni pertunjukan minangka dhasaring pasinanon saha aktivitas bab seni ingkang ngangkat saha ndherekaken masyarakat wonten ing salebeting saha sareng-sareng kaliyan seni.
Among sedulur punika kaperang dados kalih kasiatan ingkang utami, inggih punika:
·         Anjangsana
Apresiasi seni kanthi wujud pagelaran karya seni pertunjukan ingkang gadhah nilai edukasi dhateng masyarakat.
·         Among seni
Aktivitas berbasis seni ingkang langsung saha aktif ndherekaken masyarakat ngolah daya kreativitas saha proses pangripta ingkang gadhah nilai sesarengan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c