Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2013

Cerkak

Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane ngrampungake masalahe. Ciri-ciri cerkak : Critane ringkes Gegayutan karo lelakone manungsa Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara Bab-bab kang perlu digatekake ing crita Cekak : Tema : gagasan penting sajroning crita Alur/plot : yaiku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas Penokohan : yaiku nerangake watak wantune (karakter) para paraga Latar/setting : ngrembug papan, wektu, lan swasana jroning carita Amanat : yaiku piwelinge panganggit marang kang maca crita iku Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, kang tegese unsur-unsur kang mbangun crita saka jroning crita kasebut.