Langsung ke konten utama

UNIT KESENIAN JAWA GAYA SURAKARTA

UNIT KESENIAN JAWA GAYA SURAKARTA


Unit kesenian Jawa gaya Surakarta, inggih menika Unit Kegiatan Mahasiswa Universitas Gajah Mada unit kesenian Jawa gaya Surakarta. Inggih menika salah satunggaling UKM (Unit Kegiatan Mahasiswa) ing Universitas Gajah Mada (UGM) ingkang madeg wiwit 19 Desember 1968. Kala rumiyin wiwit madegipun UKM menika, nama ingkang dipunginakaken inggih menika KKM utawi Keluarga Kesenian Mahasiswa ingkang gegayutan kaliyan bidang kesenian. Bidang kesenian ingkang wonten ing KKM inggih menika seni tari, seni karawitan, saha seni pedhalangan. Sairing wekdal, KKM menika gantos nama dados UKJGS ingkang ugi gayut kaliyan seni karawitan, tari, saha pedhalangan.
            UKJGS gadhah ancas kenging menapa dipunwontenaken unit kegiatan ingkang gayutanipun ing bidang kesenian, inggih menika ngrembakakaken kreativitas saha bakat mahasiswa Universitas Gajah Mada ing bidang kesenian, mliginipun seni Jawi. Ingkang kaping kalih, inggih menika tumut  nyengkuyung usaha kangge nglestantunaken budaya Jawi. Ingkang pungkasan inggih menika nyuguhaken pasugatan utawi hiburan kangge para masarakat. UKJGS menika ugi sampun gadhah kathah prestasi ingkang saking bidang tai saha karawitan.
Ing ngandhap menika data prestasi tari saha karawitan UKJGS UGM :

  1. Menjadi Grup tetap Pengisi Ramayana Panggung Trimurti dan Terbuka di Prambanan
  2. Penyaji Terbaik I Lomba Fragmen Kethoprak Hari Jadi Bantul 1994
  3. Juara I Selekda Tari Peksiminas Tangkai Tari VIII Agustus 2006
  4. Juara III Selekda Tari Peksiminas Tangkai Tari IX Juni 2008
  5. Juara II Selekda Tari Peksiminas Tangkai Tari X 26 Juni 2010
  6. Juara I Selekda Tari Peksiminas Tangkai Tari XI 2012
  7. Juara III Festival Tari Nusantara Di Pendopo Ambarukmo Yogyakarta 2012
  8. Best Traditional Performance dalam acara International Javenese Gamelan Festival 2011
  9. Pengisi acara di Gelar Pertunjukan “Ketika Tari Berbicara” Jurusan Tari FSP- ISI Yogyakarta 10 Januari 2014
UKJGS menika ugi ngawontenaken kerjasama kaliyan PT. Taman Wisata Candi Borobudur, Balai Budaya Minomartani, saha Perkumpulan Seni Tari dan Karawitan Jawa ITB.

Khetek putih dalam The Epic Story of ramayana
Tim Karawitan UKJGS mengiringi Ramayana Ballet di Teater Tri Murti Prambanan
Tim karawitan UKGJS 2012 saat Parade Gamelan 2013 di Balai Budaya Minomartani membawakan gendhing Oneng

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c