Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2015

MAKALAH FILSAFAT ABAD PERTENGAHAN

FILSAFAT ABAD PERTENGAHAN Disusun Oleh : Retno Wulandari                      Muhammad Anjar Syafi’i        Yoni Noviana                           Clara Shinta Anindita A          Galih Imam Bazhari                 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa Dan Seni Universitasnegeri Yogyakarta 2014 BAB I PENDAHULUAN Latar Belakang Filsafat barat Abad Pertengahan (479-1492 M) juga dapat dikatakan sebagai “Abad Gelap”, karena pendapat ini didasarkan pada pendekatan sejarah gereja. Memang saat itu, tindakan gereja sangat membelenggu kehidupan manusia. Para ahli fikir saat itu tidak lagi memiliki kebebasan untuk berfikir. Apabila terdapat pemikiran-pemikiran yang bertentangan dengan ajaran gereja orang yang mengemukakannya akan mendapatkan hukuman berat. Pihak gereja melarang diadakannya  penyelidikan berdasarkan rasio terhadap agama. Karena itu, kajian terhadap agama/teologi yang tid

UPACARA SIRAMAN, MULONI, PECAH KENDHI SAHA TIGAS RIKMA

Kapurwakan ingkang sepisan rama, Bapak.... paring jamas ing warih. Sepisan jinamas ing mustaka amrih suci ing cipta. Kaping kalih jinamas ing bahu kanan lan kering, toya lumeber munggwing jaja amrih suci ing rasa. Kaping tiga siniram ing samparan amrih suci ing karsa. Tumuli ingkang ibu nggosok konyoh manca warna. Manca tegese lima utawi manekawarni, warna tegese jinising konyoh. Warnaning konyoh minangka lulur sarana pambukaning pamor. Pamor dumadi saking manekawarni  sumoroting cahya, marma linambangaken ing konyoh awarna pethak, wilis, bintulu, jenar, sarta rekta. Paripurna nggosok konyoh mancawarna, ingkang ibu ugi kepareng paring jamas pasiraman dhumateng ingkang putri kinasih. Ingkang salajengipun, kasuwun paring pngestu Ibu.... kanthi pinaringan pepuji sesanti ginarujug salira rukmi mawi tirta perwita adi. Matur nuwun dhumateng Ibu.... kepareng lenggah ing sasana sakawit. Tumuli kasuwun Ibu.... Sambeting kandha apa ta kang minangka palenggahanira risang calon penganten. Nun

Tampi Adicara Midodareni

Nuwun,        Wonten ngarsanipun Bapak Budi Sularso minangka duta saraya saking panjenenganipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang satuhu kinurmatan. Mekaten ugi sedaya kadang pangombyong ingkang sinungga ing akarami, sarta para rawuh ingkang sinuba ing kawilujengan.            Kula minangka wakilipun Bapak-Ibu Sugeng Raharjo tansah amuji sih palimarmaning Gusti ingkang sampun ngrumentahaken kabagyan, kamulyan sarta kawilujengan dhumateng baraya agung Bapak-Ibu sapengombyong sarta para tamu ingkang minulya.             Bapak Budi Sularso salam taklim panjenengan sampun kula tampi kanthi tinarbukaning manah. Pakurmatan dhumateng Bapak-Ibu Sugeng Raharjo handadosaken toya kekiyatan mrih sentosa anggenipun badhe hamiwaha putra, ngentas pitulus ingkang putri kinasih. Sungkem paduka dhumateng para pinisepuh ndadosaken hayoming kalbu mugi hanambah kekiyatan hanggenira hamengku putra tumekeng putu. Mekaten ugi kula ngaturaken salam taklim katur wonten ngarsa panjenengan, salam pakurmatan d