Langsung ke konten utama

NDALEM PUJOKUSUMAN

NDALEM PUJOKUSUMAN
Pendhopo ndalem Pujokusuman ingkang samenika dados pusatipun beksan tradhisional Yogyakarta rumiyin asmanipun Ndalem Danudiningratan. Papan punika kalebet wonten ing griyanipun GBPH Pujokusumo putranipun Sri Sultan kaping 8, sasampunipun GBPH Pujokusumo krama ndalem kasebat dipunparingaken kaliyan piyambakipun. GBPH Pujokusumo piyambak ugi remen kaliyan kesenian utaminipun beksan-beksan, piyambakipun pimpinan saking Kridomardawa utawi departemen beksan wonten ing kraton Yogyakarta. Saengga wonten ing ndalem Pujokusumo asring dipunanakaken kagiatan beksan saha kathah sanget ingkang nderek kagiatan kasebat.
Ing taun 1961 GBPH Pujokusumo wafat, piyambakipun ninggalaken wejangan kagem putranipun inggih punika KRT.Sasminto Dipura supados dalem sawijining yayasan utawi grup. Lajeng taun 1962 dipundamel grup ingkang namanipun Ndalem Pujokusumaningkang dipunpimpin kaliyan Romo Sas. Ananging amargi piyantunipun kathah saha kirang panggen lajeng dipun damel malih grup ingkang namanipun Paguyuban Kesenian Mardawa Budaya Yogyakarta Pamulangan Beksan Ngayogyakarta ingkang dipunpimpin kaliyan piyambakipun ugi.
Salajengipun dipundamel gabungan saking kalih grup kasebat inggih punika Yayasan Pamulangan Sasminta Beksa Mardawa saha dumugi samenika yayasan kasebat tasih wonten. Udakara taun 1998 Romo Sas seda saha dipunpitadosaken dhateng murid-muridipun. Samenika Ndalem Pujokusuman dados pusat beksan klasik Yogyakarta saha papan kagem nyinauni beksan-beksan klasik Yogyakarta kadosta Bedhaya, Srimpi lsp.
Ingkang sinau wonten ing sanggar punika boten namung piyantung diwasa nanging ugi kagem lare-lare SD saha TK ugi saged sinau beksan wonten ing papan punika. Cacah muridipun udakara 150 piyantun saha dipunajar kaliyan 14 guru. Ugi kathah piyantun-piyantun manca negari ingkang sinau beksan-beksan tradhisional ing Ndalem Pujokusuman punika. Ndalem Pujokusuman inggih punika pusat budaya ingkang kedah kita jagi saha kita lestarekaken. Pamarintah Ngayogyakarta ugi sampun sae sanget anggenipun njagi saha ngrembakaaken papan kasebat. Kita minangka masyarakat Jogja ugi kedah bungah amargi wonten Jogja punika wonten papan kadosta Ndalem Pujokusuman.

Ndalem Pujokusuman

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pangertosan Drama

Pangertosan drama Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ ( to do, to act ). Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak ( action ) lan paguneman ( dialog ) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.   Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp. Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese ...

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...