Langsung ke konten utama

Filologi Jawa


Makalah Filologi Jawi, Sugeng Sinau. ☺
Bab I
PURWAKA
  1. Undheraning Perkawis
Masyarakat Jawi menika nggadhahi kathah karya sastra ingkang nggadhahi pitutur tumrap gesang menika. Karya sastra menika saperangan ageng kaserat wonten karya sastra kadosta naskah-naskah / teks kina. Pramila dipunbetahaken ngelmu ingkang ngrembag bab menika / saged ndhudhah menapa wosing karya sastra ingkang sampun kaserat supados saged dipunlampahaken wonten gesang menika.
Pramila wonten ngelmu ingkang ngrembag pernaskahan / karya sastra, inggaih menika filologi. Filologi menika ngelmu ingkang ngrembag bab sastra-sastra wonten ing lingkup kebahasaan, kesastraan, saha kabudayan. Etimologi filologi menika saking tembung Yunani philos ingkang tegesipun “cinta” (tresna), saha logos “kata” (tembung) ingkang nggadhahi teges bilih dipun dadosaken setunggal “cinta kata” (tresna tembung). Menawi dipun wiyaraken tegesipun menika remen nyinau, mliginipun ngelmu sastra / budaya.
Kanthi filologi, tiyang saged mangertosi menapa kemawon ingkang kadadosan wonten ing jaman rumiyin saha ndudut budi pekertinipun. Pramila, filologi boten saged maged piyambak minangka ngelmu, nanging ugi mbetahaken displin ilmu sanes supados langkung gampil saha komprehensif anggenipun neliti karya sastra. Wonten ing makalah menika badha dipunandharaken disiplin-disiplin ngelmu ingkang wonten gayutin kaliyan filologi.
  1. Weweton Perkawis
1.      Menapa kemawon disiplin ngelmu ingkang gayut kaliyan filologi ?
2.      Kados pundi gayutipun disiplin ngelmu menika tumrap filologi ?
  1. Ancasipun Panyeratan
1.    Supados langkung mangertosi kadospundi filologi ing masyarakat modern kanthi gegayutanipun filologi kaliyan ngelmu sanes.
2.    Kangge njangkepi tugas mata kuliah Filologi Jawi II
Bab II
SURASA
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Linguistik
Kangge panaliten linguistic diakronik, ahli linguistic betahaken suntingan teks-teks lami asil kerja filologi lan ugi saged betahaken asil kajian basa teks lami dening ahli filologi. Mliginipun ahli linguistic percados kaliyan pamaosan teks-teks lami dhumateng para ahli filologi utawi ahli epigrafi. Saking asil kerja sedaya menika, ahli linguistic saged menganalisis seluk beluk basa-basa serat ingkang mliginipun sampun beda kaliyan basa sedinten-dinten. Asil kajian linguistic menika lajeng saged dipunmupangitipun dening para penggarap naskah lami.
Antaranipun filologi kaliyan linguistic objek kaijanipun sami inggih menika basa. Menawi filologi menika madosi makna saking teks ingkang adhedasaripun inggih menika basa dados filologi betahaken linguistic minangka usaha kangge maknai basa. Lajeng, wonten mapinten-pinten cabang linguistic ingkang saged biyantu filologi damel pengkajian naskah. Sepisan, etimologi ingkang fungsinipun kangge nyinaoni asaling sejarah tembung. Kapindho, sosiolinguistik inggih menika cabang linguistic ingkang nelaah korelasi lan wonten gandheng cenengipun antaranipun perilaku basa lan perilaku social. Ingkang angka tiga, stalistika inggih menika elmu ingkang njlimeti gaya basa sastra satemah filologi saged mangertosi pinten yuswanipun naskah menika.
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Sejarah Perkembangan Agami
Naskah-naskah Nuswantara menika kathah sanget wernanipun, ugi kathat ingkang sampun mahiyaaken menawi naskah-naskah Jawa Kuna kathah dipunwernani agami Hindu-Budha, dene naskah-naskah Melayu kathah dipunpengaruhi agami Islam. Pengaruh sastra Islam wonten ing sastra Jawa Baru mliginipun saking sastra Melayu.
Miturut Baried (1994 : 26-31), bahwa filologi bertindak sebagai ilmu bantu bagi ilmu-ilmu yang menggunakan naskah lama sebagai objek penelitiannya. Salah satunya yaitu filologi sebagai ilmu bantu sejarah perkembangan agama, hal ini karena naskah-naskah Nusantara banyak mengandung teks-teks keagamaan. Suntingan naskah terutama naskah yang mengandung teks keagamaan akan menjadi bahan penulisan perkembangan agama yang sangat berguna, dan selain sebagai ilmu bantu bagi sejarah perkembangan agama filologi pun bisa digunakan sebagai ilmu bantu lingustik, ilmu sastra, ilmu sejarah, hukum adat, dan filsafat.
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Filsafat
Miturut Sardjana Hadiatmadja, Filsafat adalah suatu pandangan hidup mengenani pendirian yang kebenarannya telah diterima dan diyakini untuk dijadikan landasan dasar dalam menyelesaikan masalah-masalah hidup (2010: 1). Saking pangertosan menika, filsafat minangka ngelmu ingkang neliti sedayanipun kanthi lebet sanget supados saged mangertosi wosing kanthi mutlak / sejatos. Masyarakat Jawi menika nggadhahi unen-unen urip ayom ayem tentrem, tebih nir ing sambekala ingkang ngemot filsafat kangge gesanging masyarakat menika. Renungan ingkang sipatipun filsafat kados unen-unen kala wau ingkang sampun nate dumados ing kala rumiyin menika saged dipunteliti / kapundhut saking naskah-naskah kina / teks sastra.
Masyarakat tradhisional, mliginipun ing jawi menika saperangan ageng ngelmunipun tuwuh saking seni saha agami. Saking menika, wosing gesang ingkang tuwuh saking seni saha agami menika saged kapundhut saking naskah-naskah utawi serat. Karya sastra menika nggadhahi pandangan hidup ingkang dipunserat kanthi gamblang utawi samar-samar amargi batin menika adhedhasar filsafati.
Saking filologi menika, kita saged ndhudhah menapa wosing karya sastra ingkang wosipun pandangan hidup masyarakat, mliginipun masyarakat jawi. Kanthi metode tartamtu, filologi saged kangge neliti wekdal panyeratan, papan panyeratan, sinten ingkang nyerat, saha wosing seratan menika. Miturut Subagio Sastrowardoyo (1983) Teks-teks karya sastra banyak mengandung nasihat dan pepatah-pepatah yang menandakan bahwa sastra merupakan penjaga keselamatan moralitas yang dijunjung oleh masyarakat pada umumnya. Saking ingkang dipunandharaken Subagio menika, kapundhut bilih karya sastra menika minangka ”sangga” gesanging tiyang. Pramila kedah dipunjagi karya sastra-karya sastra ingkang wonten. Dados, filologi menika ugi minangka srana kangge kajian basa ingkang wonten salebeting naskah / karya sastra.
Filologi ugi nggadhahi fungsi penyuntingan karya sastra. Tegesipun karya sastra ingkang kala rumiyin panyeratanipun kirang trep, saged dipunleresaken supados makna saha ngelmu (filsafat) ingkang wonten salebeting karya sastra saged langkung dipunmangertosi.
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Sastra
Amargi saking kathahipun cacah teks sastrawi saha pepinginan supados lajeng dipungarap menika saengga wonten ing perkembangan sejarahipun, filologi sampun nate dados ilmu sastra. Wondene, sak menika filologi dados cabang ilmu sastra, menika dipunpirsani saking perkembangan kemajuan ilmu sastra. Pambiyantu filologi tumrap ilmu sastra ingkang utama inggih menika nyedhiaaken suntingan naskah lami saha asil pirembagan teks ingkang saged dipunginakaken kagem bahan nyusun sejarah sastra utawi teori sastra.
Ilmu sastra gadhah sifat umum menawi data kagem nyusun teori-teorinipun migunakaken dhasar sastra lama, boten namung sastra baru. Konvensi sastra baru dereng mesthi sami kaliyan konvensi sastra lami.
Pendekatan ilmu sastra ingkang dipunginakaken nalika pengkajian naskah-naskah ingkang wosipun teks sastra inggih menika:
1.      Pendekatan mimetik, pendekatan ingkang nonjolaken aspek-aspek referensi acuan karya sastra, reraketanipun kaliyan dunia maya.
2.      Pendekatan pragmatik, pendekatan ingkang nonjolaken pengaruh karya sastra kagem pamaos.
3.      Pendekatan ekspresif, pendekatan ingkang nonjolaken panyerat karya sastra ingkang dados panganggitipun.
4.      Pendekatan objektif, pendekatan ingkang mentingaken karya sastra kanthi struktur otonom, medal saking latar belakang sejarahipun.
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Kabudayan
Kajaba kagem ngempalaken naskah-naskah lami, memelihara, saha nyunting, filologi kathah ngungkap khazanah ruhaniah warisan leluhur. Kadosta, kapitadosan, adat istiadat, kesenian lan sapanunggalanipun. Mawi maos naskah-naskah lami kathah dipuntemokaken wontenipun unsur-unsur budaya ingkang samenika sampun punah, kadosta istilah-istilah kagem unsur-unsur budaya bidang musik, takaran, timbangan, ukuran, mata uang, lan sapanunggalanipun. Bab ingkang sampun dipunsebataken ing nginggil wau bahan ingkang migunani kagem penyusunan sejarah kebudayaan.
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Ilmu Sejarah
Naskah-naskah Nusantara ingkang dipuntingali ngemot suraos bab sejarah ingkang kathah, inggih menika kadosta Negarakretagama, Pararaton (Jawa Kuna), Babad Tanah Jawi, Babad Dipanegara (Jawa Baru), Sejarah Melayu, Hikayat Raja-raja Pasai, Hikayat Aceh, dan Hikayat Banjar (Melayu). Suntingan naskah-naskah menika saged dipunginakaken kangge sumberipun sejarah sesampunipun dipunuji miturut sumber-sumber sanesipun (sumber asing, prasasti, lsp) utawi sesampunipun dimangertosi sipat-sipatipun.
Kadhang kala ingkang kagungan sipat historis menika namung bagean-bagean ingkang saged mratelakaken kadadosan-kadadosan ingkang sezaman kaliyan panyeratipun. Menika ugi kathah ingkang langkung dipunalusaken, inggih menika bilih wonten kadadosan ingkang dipuntingali saged ngirangi drajading panguwasa. Sanajan mekaten, ananging teks-teks kados mekaten kathah manfaatipun kangge njangkepi informasi sejarah ingkang wonten ing sumber-sumber sanes, kadosta ing watu nisan Sultan Malikus-Salih ing Samudra (Aceh) boten badhe kathah dipunandharaken bilih boten dipunpanggihi naskah Hikayat Raja-raja Pasai saha Sejarah Melayu.
Ilmu sejarah ugi saged manfaataken suntingan teks jinis sanes, sanes jinis sastra sejarah, mliginipun teks-teks dangu ingkang saged maringi seserepan bab kauripan masyarakat ingkang awis dipunpanggihi wonten sumber-sumber sejarah ing njawinipun sastra.
  1. Filologi minangka Ilmu Bantu Hukum Adat
Manfaatipun filologi kangge ilmu hukum adat inggih menika wonten bab penyediaan teks. Kathah naskah Nusantara ingkang ngrekam adat istiadat ugi. Wonten khazanah sastra Nusantara wonten teks ingkang panci dipunkajengaken kangge hukum, ingkang dipunsebat miturut masyarakat Melayu inggih menika ‘undang-undang’, ing Jawi ‘angger-angger’. Menapa ingkang dipunsebat undang-undang ing masyarakat Melayu beda kaliyan ingkang wonten masyarakat samenika. Undang-undang masyarakat Melayu sejatosipun adat ingkang kabentuk ing masyarakat awit peredaran masa, sanes aturan ingkang sedayanipun mligi dipundamel kaliyan raja minangka panguasa. Tuladhanipun inggih menika : Undang-undang Negeri Malaka, Undang-undang Minangkabau, lsp.
Bab III
WASANA
  1. Dudutan
Wonten masyarakat modern, filologi saged dados ngelmu bantu ngelmu sanes, inggih menika:
  1. Ilmu bantu linguistik
  2. Ilmu bantu sejarah perkembangan agami
  3. Ilmu bantu filsafat
  4. Ilmu bantu sastra
  5. Ilmu bantu kabudayan
  6.  Ilmu bantu sejarah
  7. Ilmu bantu hukum adat 

  1. Pamrayogi
Miturut panyerat, filologi menika gadhah maneka warna manfaat ingkang saged mlebet mliginipun wonten 7 ngelmu ing nginggil menika, nedahaken bilih filologi menika inggih taksih kawentar ing masyarakat modern, satemah sumangga ngelmu filologi menika kedahipun langkung dipungatosaken, mliginipun kangge kalajenganipun naskah-naskah Jawi saha teks Jawi ingkang dangu-dangu ical saking Jawa.

DAFTAR PUSTAKA

Baried, Siti Baroroh, dkk. 1985. Pengantar Teori Filologi. Jakarta :  Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Kedudukan Filologi dan Ilmu-ilmu lain. Diakses melalui http://isyammaliki.blogspot.com/2012/02/kedudukan-filologi-dan-ilmu-ilmu-lain.html. Pada tanggal 24 Maret 2014.
Kegunaan Filologi sebagai Ilmu Bantu. Diakses melalui http://filologidannaskah.blogspot.com/2014/01/kegunaan-filologi-sebagai-ilmu-bantu.html. Pada tanggal 24 Maret 2014.




Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c