Langsung ke konten utama

KAMASETRA


KAMASETRA
Salah satunggaling unit Kegiatan mahasiswa ingkang sampun kawentar wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta ingkang lumampah ing Kegiatan seni Tradisi inggih menika KAMASETRA. KAMASETRA menika dumadi saking tembung Keluarga Mahasiswa Seni Tradisi. Dados sampun cetha bilih Kamasetra menika satunggaling UKM ingkang nguri-nguri seni tradisi Indonesia.
Kamasetra menika ngadeg taun 1981 wekdal samenika namanipun mboten KAMASETRA ananging Unit Seni Tari dan Karawitan (UST-KRW) organisasi menika tuwuh saking kapenginan-kapenginan luhur kangge nguringuri budaya bangsa kang adiluhung. Sasampunipun lumantar saperangan pengrembaka saha ewahing jaman lajeng gantos namanipun dados KAMASETRA (Keluarga Mahasiswa Seni Tradisi) dugi samenika.
Dugi ing jaman samenika KAMASETRA pikantuh kathah prestasi, salah satunggaling inggih menika dados pengisi wonten ing Ramayana Ballet Prambanan. Saben taun Kamasetra tampil wonten ing panggung indoor (Trimurti) saha open air wonten ing Prambanan. Kamasetra ugi sampun ngadani Kathah pamentasan saengga Kamasetra UNY sampun kawentar wonten ing tlatah Yogyakarta, pamentasanipun antawasipun Tragedi Bengawan sore taun 2012 ingkang dipunpentasaken wonten ing Taman Budaya Yogyakarta, lajeng pementasan ingkang nglibataken sedaya UKM wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta inggih menika Sang Kesatria.
Samenika KAMASETRA dipunngarsani kaliyan sedherek Hefri Muharyanto salah satunggaling Mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta, dene wakilipun inggih menika sedherek Prawidya Destyanto mahasiswa Teknik Elektronika.
Kamasetra menika mboten namung satunggaling organisasi ananging ugi wadhah kangge ngrembakaaken kemampuan seni ananging sifatipun kekeluargan. Saengga dugi wanci samenika Kamasetra taksih jumeneng lan taksih dados komunitas saha organisasi seni ingkang tetep nguri-nguri kabudayan lumantar seni tradisi.
Pembikaakan anggota enggal wonten ing Kamasetra menika biasanipun dipunadani minangkan Taun ajaran enggal utawi mlebetipun mahasiswa enggal, peminat ingkang badhe mlebet ing Kamasetra saben taun kathah langkung saking 200 menika wujud bilih Kamasetra menika satunggaling UKM ingkang langkung dipunpadosi kaliyan mahasiswa enggal wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta.


KAMASETRA-(Keluarga Mahasiswa Seni Tradisi)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pambagyaharja Adicara Midodareni

Nuwun, Para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, sarta para tamu ingkang sutresna. Awit saking mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu ... keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan. Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT Ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira déning panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan. Ing madyaning pepanggihan menika sawetawis panjenengan lenggah, kula ngaturaken pambagya kawilujengan sugeng rawuh. Panjenengan sampun kasdu rawuh saprelu paring pangèstu hangestreni tumapaking adicara menika. Awit saking menika, kula ngaturaken agunging panuwun, sukaning manah kula tanpa pepindhan. Kula tansah memuji bilih krentenging tekad bebesanan saged kalajengaken ngantos ing titi wanci dhaup palakrama. Lan ugi kula sakulawarga tansah nyuwun puji pandonga paduka para tamu pamrih sesambetanipun anak kula, Nini Rara Sekar kaliyan Nakmas Bagus Bayu Tirta Aji saged tetep lestari dumugi ing mangsa palakrama. Panyu...