Langsung ke konten utama

JATHILAN OGLEK Yogyakarta

JATHILAN OGLEK
Jathilan oglek utawi jathilan papat menika madeg awit taun 1979. Jathilan menika saged madeg amargi saking panyengkuyungipun salah satunggaling warga, inggih menika simbah Reso Winangun. Tradisi ingkang dadosaken jati diri dhusun Kayuan, Kecamatan Pajangan, Kabupaten Bantul, Yogyakarta menika saged tuwuh saking tradisi ingkang wonten ing dhusun Kadibeso minangka dhusun ingkang wonten ing sebelahipun dhusun Kayuan.
Bakat seni ingkang dipuntularaken saking dhusun Kadibeso dadosaken dhusun Kayuan gadhah seni Jathilan, sanesipun bilih jathilan menika dipuntularaken saking dhusun Kadibeso, tradisi menika panci sampun wonten bakatipun saking masarakat dhusun Kayuan kasebut saha ing dhusun Kayuan menika ugi wonten ingkang saged nglatih, saengga tradisi seni Jathilan menika saged tuwuh ing salah satunggaling dhusun ing Kabupaten Bantul menika.
Tradisi seni menika saged pikantuk nama “Jathilan Oglek” utawi “Jathilan Papat”, amargi saking pasugatanipun menika wonten oglekipun, inggih menika beksan ingkang dingge njathil. Bilih “papat” menika amargi pambeksanipun saking jathilan menika cacahipun sekawan. Pambeksan menika jaler sedaya, sarengan kaliyan pangrembakanipun jaman pambeksan menika saged campur estri saha jaler. Kesenian ing dhusun menika saged madeg awit bakat ingkang sampun wonten ing masarakat dhusun Kayuan menika, simbah Reso minangka pangadegipun tradisi seni Jathilan menika kala rumiyin taun 1979an sami urun arta kangge mundhut gamelan-gamelan ingkang sederhana, kangge nyengkuyung madegipun seni Jathilan kasebut.
Masarakat  ugi nyengkuyung usaha saking simbah Reso sakanca menika, kanthi gotong royong, Jathilan Oglek menika saged madeg dugi taun 2002. Seni menika nate nemahi vacum antawisipun taun 2002-2011. Miturut Mas Dika (Pemusik Jathilan Oglek), “Jathilan Oglek menika tuwuh saha madeg namung kirang langkung dugi taun 2002, sabibaripun taun menika grup jathilan menika boten nate muncul malih amargi boten wonten generasi penerusipun. Ananging, taun 2011 Jathilan menika saged tuwuh malih saha taun 2012 saged pikantuk juara nalika lomba ing sermo inggih menika juara setunggal se-DIY”.


Grup Jathilan Oglek menika kadhapuk saking sekawan pambeksan, gangsal pemain musik, kalih sindhen, saha kalih pawang. Sekawan pambeksan menika ingkang asring kesurupan minangka saweg njoged. Kesurupan menika ing jaman ingkang sampun langkung majeng sampun arang ingkang kesurupan asli, ananging asring ingkang dipundamel. Menawi wonten ingkang kesurupan pawang menika gadhah jejibahan kangge nambani. Pawang saking jathilan oglek inggih menika simbah Reso Winangun saha Mbah Paiman Melet.


Pemain musik kangge ngiringi jathilan menika kadhapuk saking gangsal alat musik, inggih menika kendhang, bendhe, angklung, kencrek, saha jidhor. Sindhen kangge ngiringi pambeksan menika asringipun cacahe kalih, inggih menika jaler saha estri. Sindhen ingkang asring tumut grup jathilan oglek menika saking njawi, sanes saking dhusun Kayuan. Grup jathilan oglek nembe ngrawuhaken sindhen menawi badhe wonten tanggapan, sindhen menika nyuwun tulung saking njawi kangge nembang ngiringi pambeksan.


Grup menika sampun kawentar sanget ing saindhening kutha Bantul, ananging sairing pangrembakanipun jaman saha majengipun grup menika, samenika grup jathilan oglek sampun kawentar ing kutha Ngayogyakarta, awit saking juara se-DIY menika. Miturut mas Dika, Grup jathilanipun menika sepisanan dipuntanggap saged kasil kirang langkung Rp 3.000.000,00, dereng kangge bayaran-bayaran kangge sindhen saha piranti sanesipun.
Grup jathilan oglek sampun dipunbiyantu saking Dinas Kebudayaan DIY, kanthi majengaken proposal ing dinas, kirang langkung taun 2012 Dinas mekdalaken dana Rp 7.000.000,00 dhateng dhusun Kayuan. Lajeng dana menika dipunginakaken kangge mundhut gamelan saha kostum, saengga grup jathilan oglek menika gadhah inventaris piyambak. Menawi wonten pentas boten lajeng mundhut ngampil kostum saha piranti sanesipun, ananging sampun gadhah piyambak. Sejatosipun pamarentah dhaerah anggenipun nyaosi apresiasi kangge seni tradisional menika boten kirang-kirang menawi dhaerah ingkang gadhah kesenian menika ugi purun usaha kangge langkung majengaken tradisi seni dhaerahipun.
Tradisi seni saged langkung majeng bilih generasinipun wonten. Awit saking menika, kita minangka generasi penerus bangsa kedahipun tumut bangga saha nyengkuyung tradisi seni daerah ingkang wonten, kanthi nglestantunaken seni kasebut, wiwit saking lingkungan kita piyambak. Kadosta ing dhusun Kayuan menika, bakat ingkang wonten ing masarakat dhusun menika, dipunsengkuyung sesarengan kanthi sumber daya manusia ingkang wonten saha saged mandhegani, kanthi menika tradisi seni ingkang dipuntuwuhaken saking ngandhap saged madeg jejeg sesarengan kaliyan pangrembakaning jaman modern menika.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pangertosan Drama

Pangertosan drama Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ ( to do, to act ). Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak ( action ) lan paguneman ( dialog ) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.   Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp. Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese ...

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...