Langsung ke konten utama

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,
            Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan.
—————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————
            Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.
            Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Bapak Slamet Utomo sapungkurnya Bapak-Ibu Sugeng Raharjo nganthi risang calon penganten kakung nun inggih Bagus Bayu Tirta Aji Lampahira kadherekaken para kadang sentana kang sawega jumurung mring karsaning kang arsa bebesanan.
            Ing driya baraya agung Bapak-Ibu Slamet Utomo tansah amuji syukur mring ngarsane Pangeran awit tindaksira sampun jinangkung mring Gusti kang Mahawelas lan asih. Rahayu widada lampahnya saking Tegal dumugi wonten ing Klaten nenggih ing wismanira sang pamengku gati Bapak-Ibu Sugeng Raharjo.
            Dupi uninga praptanira calon besan sabregada, Bapak-Ibu Slamet Utomo miwah kulawarga age-age mangayubagya kanthi ajejawat asta, sarwa-sarwi mranani ing galih, esem tansah sinungging ing lathi mratandhani sukaning galih sang pamengku gati. Kadi pundi ta datang suka? Calon besan sampun kasdu ngathi sang Abagus Bayu Tirta Aji calon penganten kakung. Rawuhipun calon besan sakulawangsa, tumuli kaaturan palenggahan ingkang sampun cumawis. Nalika semana Bapak Slamet Utomo kang pinatah dados manggalaning lampah suka sasmita mring para kadang mudha amrih mratitisaken ing satataning sasana, ngayahi tumapaking adicara. Para tamu kepareng lenggah ing papan ingkan piniji.
————————–(gendhing sigeg)——————————
            Keparenga kula ingkan kajibah mratitisaken tata rakiting adicara. Menggah adicara ing dalu menika rinacik mekaten:
  1. Ingkang sepisan pambuka
  2. Adicara ingkang kaping kalih atur pambagyaraharja
  3. Saparipurnaning adicara pambagyaraharja, tumuli ngacik titi laksana wedhar-tumanggaping gati, minangka adicara ingkang kaping tiga miwah kaping sekawan.
  4. Kalajengaken lung-tinampi srah-srahan, minangka adicara ingkang kaping gangsal.
  5. Adicara ingkang kaping enem inggih menika tilik nitik, kalajengaken kembul bujana minangka titi laksana ingkang kaping pitu.
  6. Titi laksana ingkang salajengipun atur pamit saking kulawarga calon besan sarta badhe tinanggapan mring pamengku karsa.
  7. Pethiting titi laksana, calon penganten kakung badhe pinaringan busana kancing gelung.
  8. Kapungkasan  kanthi panutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ing dalu menika, sumangga adicara binuka kan thi dedongamanut agami lan kapitayanipun piyambak-piyabak. Sumangga kula dherekaken.
————————————————(ndedonga)——————————————
            Matur nuwun, mugi Gusti kang Mahakawasa kersa paring sih nugraha satemah tumapaking karya saged kalis sambekala. Para tamu ingkang kinurmatan, sawetawis panjenengan lenggah, pramila kepareng ingkang hamengku gati Bapak-Ibu Sugeng Raharjo badhe ngaturaken pambagyaraharja. Dene ingkang minangka wakilipun nun inggih Bapak Jamali Dhumateng Bapak Jamali sumangga.
———————————(pambagyaraharja)————————————
            Matur nuwun wonten ngarsanipun Bapak Jamali, tumuli kalajengaken wedharing gati saking kulawarga calon besan. Dene ingkang kepareng mbabar pangandikan nun inggih Bapak Slamet Utomo Sasana miwah pandayaswara kula sumanggakaken!
————————————–(wedharing gati)——————————————
            Wedharing gati sampun kababar mring panjenenganipun Bapak Slamet Utomo salajengipun keparengan Bapak Jamali dipunampingi Bapak-Ibu Sugeng Raharjo nampi sedaya syarat sarana srah-srahanpaningset. Dipunawiti kanthi ajejawat asta. Sumangga ingkang sepisan pisang sanggan kaaturaken Bapak Slamet Utomo dhumateng Bapak Sugeng Raharjo Pisang sanggan kalajengakenkaaturaken Ibu pamengku gati. Amrih jangkeping gambar foto miwah video kepareng Bapak-Ibu Sugeng Raharjo nampi piyambak sedaya ubarampe srah-srahan. Sumangga.
——————————(tumanggaping gati)——————————
            Wedhar tumanggaping gati sampun paripurna, awit saking keparengipuningkang mengku gati, sukaning galih, panjejengan kaaturan kembul bujana kanthi ladi pribadi utawi prasmanan. Mligi kangge Ibu-ibu saking kulawarga calon besan, saderengipun kembul bujana kepareng tilik nitik (nitipriksa) kados pindi kasamaptanipun calon penganten putri wonten panti busana. Sumangga keparenga para pinisepuh ngrumiyin amrih ingkang mudha boten jeguh prakewuh! Tumuli keparenga kula badhe mbabar menggah tumuruning wahyu kembar mayang.
—— (ibu-ibu tilik nitik, tamu dhahar, pranata adicara cariyos kembar mayang model Jaka Tarub- Nawangwulan saged kawaos ing perangan pungkasan bab menika)—
            Wus paripurna kembul bujana, lah mekaten cariyos kembar mayang, pramila sampun dumugi wancinipun kalamunkulawarga calon besan ngersakaken kondur. Pramila dhumateng Bapak… kersaa jengkar saking palenggahan badhe mundhut pamit. Sumangga!
—————————————(atur pamit)———————————————
            Tumanggaping atur pamitan badhe kasariran Bapak Taryono Sumangga!
———————————(tanggapan atur pamit)—————————————
            Salajengipun kepareng Bapak-Ibu Sugeng Raharjo jumeneng jajar aben ajeng kaliyan calon penganten kakung. Bapak Sugeng Raharjo badhe paring busana kancing gelung dhumateng dhimas Bayu Tirta Aji Mekaten ta pangandikanya lamun kawijil ing lisan:
            Bapak: Nakmas Bayu Tirta Aji maragage tampanana busana kancing gelung iki, minangka busananira lamun sira ngayahi wajib ing dina besuk!
            Calon penganten pria: “Sendika Bapak kula tampi sarta nyuwun tambahing pangestu”.
            Dene ingkang Ibu Sugeng Raharjo badhe ngaturaken angsul-angsul konjuk calon besan. Pramila sumangga Ibu… ingkang kepareng makili kulawarga besan kepareng nampi.
            Kanthi mekaten sampun paripurna adicara midodareni ing dalu menika. Kula sakadang ngayahi kalamun wonten solah bawa miwah muna-muni ingkang kirang mranani ing penggalih nyuwun pangaksama. Kula pribadi minangka pambiwara, kalamun wonten kithaling basa, ceweting ukara, mugi paduka para tamu kersa paring pangaksama. Sugeng kondur, sugeng dalu. Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pangertosan Drama

Pangertosan drama Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ ( to do, to act ). Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak ( action ) lan paguneman ( dialog ) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.   Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp. Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese ...