Langsung ke konten utama

PANALITEN FILOLOGI MAWI OBJEK NASKAH TUNGGAL

Makalah Panaliten Filologi Mawi Objek Naskah Tunggal,
BAB I
PURWAKA
A.    Cengkahing Panyeratan
Filologi inggih menika salah-satunggaling disiplin ilmu ingkang saking jaman menika dipun-mangertosi minangka ngelmi ingkang gadhah sesambetan kaliyan hasiling karya jaman rumiyin ingkang wujudipun seratan. Studi ngengingi karya tulis wonten jaman rumiyin ingkang kaleksanan amargi wonten pamanggih bilih wonten peninggalan seratan salah-satunggaling nilai-nilai ingkang taksih relevan kaliyan pagesangan wonten jaman sakmenika. Wonten ing filologi, kangge saged njangkepi salah-satunggaling ancas utaminipun inggih menika memurnikan teks, saengga dipunbetahaken satunggal metode ingkang dipun-sebat inggih menika metote kritik teks.
Dalam metode kritik teks, ugi terbagi beberapa macam metode, seperti : Metode Intitif, metode Objektif, metode gabungan, metode landasan saha metode edisi naskah tunggal. Ngengingi objek Filologi menika objek naskah, saengga ingkang dados undheraning prekawis inggih menika naskah. Kawontenaning naskah menika wonten ingkang kathah varian-variai -ipun lan wonten ugi ingkang namung satunggal utawi naskah tunggal.
Kanthi mekaten, supados saged njangkepi ancasing filologi kados ingkang sampun dipun-andharaken wonten inggil menika, saengga langkung rumiyin kedah saged mangertosi metode-metode menika. Makalah menika dipun-serat supados teori filologi khususipun metode edisi naskah tunggal saged dipun-mangertosi saha dipahami metode-metode panerapipun minang salah-satunggaling disiplin ilmu wonten perguruan tinggi.
B.     Undheraning Prekawis
1.      Menapa ingkang dipunmaksud filologi?
2.      Menapa ingkang dipunmaksud naskah saha teks?
3.      Kadospundi garapaning filologi mawi objek naskah tunggal?
C.    Ancasing Panulisan
Supados mangertos:
1.      Pangertosan Filologi
2.      Pangertosan naskah saha teks
3.      Garapaning filologi mawi objek naskah tunggal 
BAB II
SURASA BASA
Pengertosan Filologi
Filologi inggih menika ngelmi ngengingi bab sastra-sastra ingkang kaandharaken gayut kaliyan bab basa, bab sastra, saha bab budaya (Baroroh-Baried, 1985: 1). Baroroh Baried ugi ngandharaken bilih tembung filologi menika asalipun saking basa Yunani, inggih menika saking tembung philos ingkang tegesipun ‘cinta’ saha tembung logos tegesipun ‘kata’. Menawi mekaten saged kadudut bilih filologi menika gadhah teges ‘remen tembung’ danguning dangu dados ‘remen sinau’, ‘remen ngelmi’, saha ‘remen dhateng bab sastra utawi bab budaya’. Miturut Baroroh-Baried filologi inggih menika satunggaling pengetahuan bab sastra-sastra, arti wiyaripun inggih menika gayut kaliyan bidang kabudayan, kasusastran, lan ugi aspek basa. Wondene miturut Djamaris (2002: 3) ngandharaken bilih Filologi inggih menika satunggaling ngelmi ingkang objek panalitenipun arupi benda-benda lama. Menawi  mekaten, saged dipunpendhet dudutanipun bilih filologi menika panaliten ingkang nliti naskah-naskah lama. Ingkang kawastanan naskah inggih menika sedaya anggitan ingkang taksih sinerat mawi tangan (seratan alit ingkang taksih asli menapa dene santunanipun).
Ancasing Panaliten Filologi
            Inggih menika nggambaraken kawontenaning naskah, ndamel terjemahan teks naskah, ndamel suntingan teks saha ndamel kritik teks, mangertosi kabudayan saking asiling sastranipun, mangertosi makna tuwin ancasipun teks kangge masarakat. Salah satunggaling ancasipun panaliten filologi inggih menika angsal satunggaling  teks ingkang langkung jangkep lan representatif saking teks-teks  ingkang sampun wonten. Wonten ing naskah tunggal, panyuntingan namung saged dipun tempuh kalih cara, inggih menika piranti penerbitan satunggaling naskah ing edisi diplomatik utawa edisi standar, sarta ngginakaken metode fotografi utawa facsimile.
Pengertosan Naskah saha Teks
            Wonten ing basa latin, naskah dipunsebat “codeks”. Menawi wonten ing basa Inggris dipunsebat “manuscript” saha wonten ing basa Walandi dipunsebat “handscrift”. Naskah menika kalebet benda konkret. Pangertosan naskah inggih menika tetilaraning leluhur awujud asiling budaya ingkang ngewrat bab-bab ingkang gayut kaliyan pagesanging bangsa ing jaman rumiyin ingkang kaserat. Wondene teks inggih menika isining naskah, andharan ingkang namung saged dipunangen-angen mawon, utawi asipat abstrak.
Garapaning panaliten Filologi mawi objek naskah tunggal
1.      Inventarisasi naskah
Investari naskah menika dipuntindakaken kanthi cara maos saha nyerat kawontenaning naskah saking katalog. Minangka garapaning panaliten ingkang sapisan ingkang kedah dipungarap sasampunipun nemtokaken naskah ingkang badhe dipuntliti. Investarisasi naskah saged dipunpadosi lumantar katalogus (studi katalog) perpustakaan-perpustakaan utawi panyimpening naskah. Ancasing inventarisasi naskah menika kangge mangertosi kalenggahan naskah lan ugi nemtokaken naskah ingkang dipuntliti. Perangan ingkang gegayutan kaliyan inventarisasi naskah, inggih menika maos, ndamel daftaripun naskah saprelu mangertosi cacahipun naskah saha wonten ing pundi kemawon naskah kesimpen saha ngandharaken bab nomer naskah, panyerating naskah, gunggunging kacanipun utawi teks ing naskah, tuwin nama panganggitipun.
Wonten ing tahap menika saged mangertos bilih naskah ingkang dipuntliti menika kalebet naskah jamak utawi naskah tunggal kanthi studi katalog. Ing salebeting katalog sampun dipunsebutaken papan panyimpening naskah, saha nomer naskah-ipun.
2.      Kawontenaning naskah utawi Deskripsi naskah
Kangge mangertosi kawontenanipun naskah ingkang badhe kagarap saged katindakaken kanthi studi catalog, kalajengaken mriksani piyambak kawontenanipun naskah dhateng papaning naskah kasimpen.
Deskripsi naskah minangka lampah panaliten filologi kangge mangertosi utawi suka gambaran dhateng kawontenan wadhaging (fisik) naskah lampah panaliten filologi salajengipun inggih menika trasnliterasi, kangge mangertosi kawontenan teks. Wondene ngengingi pangertosan transliterasi kaandharaken wonten ngandhap menika. Kawontenaning naskah menika penting dipunandharaken amargi jumbuh kaliyan kawontenan bilih satunggal irah-irahaning naskah Jawi saged kapanggihaken langkung saking satunggal eksplemplar. Kawontenan makaten menika amargi wontenipun tradisi mutrani naskah Jawi wiwit jaman rumiyin ngantos dumugi saprikitaksih katindakaken.
Ancasing ndamel kawontenaning naskah, inggih menika saprelu ngandharaken kadospundi kawontenanipun naskah ingkang dipuntiliti.
3.      Alih tulis
Alih tulis inggih menika nggantos serataning teks kanthi aksara ingkang sami kaliyan aksara seratanng teks utawi mawi aksara ingkang beda (Mulyani, 2013: 101). Ancasipun ndamel alih tulis inggih menika, kangge nglestantunaken teks ingkang adatipun sampun kaserat mataun-taun kapengker. Alih tulis kaperang dados kalih inggih menika:
·         Transliterasi
Transliterasi inggih menika ‘Transfererence from one script to another’. Andharan Robson kasebut ngandharaken bilih transliterasi inggih alih tulis serataning teks mawi aksara ingkang beda kaliyan aksaraning teks. Pamanggih saking Robson jumbuh kaliyan Baroroh-Baried (1985: 65) ingkang ngandharaken bilih transliterasi inggih menika penggantian jenis tulisan, huruf demi huruf dari abjad satu ke abjad yang lain. Tegesipun  bilih transliterasi inggih menika alih tulis seratan, kanthi nggantos aksaranipun satunggal-satunggalipun dipun-urutaken abjad-ipun. Dados, transliterasi inggih menika alih tulis serataning teks mawi aksara ingkang boten sami kaliyan aksaraning teks.
Miturut Mulyani (2013: 102), metode transliterasi kaperang dados kalih, inggih menika
a)      Metode transliterasi diplomatik
Inggih menika cara anggenipun damel alih tulis serataning teks ingkang kaserat menapa wontenipun kados dene serataning teks-ipun kanthi aksara ingkang beda,
b)      Metode transliterasi standar
Inggih menika cara anggenipun damel alih tulis serataning teks ingkang kaserat kanthi adhedhasar ejaan ingkang sampun dipun sampurnakaken utawi Ejaan Yang Disempurnakan (EYD) ingkang lumampah.
·         Transkripsi
Inggih menika alih tulis serataning teks mawi aksara ingkang sami kaliyan aksaraning teks.
Miturut Mulyani (2013: 106), metode transkripsi kaperang dados kalih, inggih menika
a)      Metode transliterasi diplomatik
Inggih menika cara anggenipun damel alih tulis serataning teks ingkang kaserat menapa wontenipun kados dene serataning teks-ipun kanthi aksara ingkang sami,
b)      Metode transliterasi standar
Inggih menika cara anggenipun damel alih tulis serataning teks ingkang kaserat kanthi adhedhasar ejaan ingkang sampun dipun sampurnakaken utawi Ejaan Yang Disempurnakan (EYD) ingkang lumampah.

4.      Suntingan
Miturut Baroroh-Baried (1985: 69), metode suntingan teks kangge naskah tunggal wonten werni kalih.
a.       Metode edisi diplomatic,
Inggih menika nerbitaken satunggal naskah kanthi satlitinipun tanpa ngewahi kawontenanipun. Metode menika, teks ingkang dipunterbitaken tanpa ewahan. Teks dipunreproduksi kanthi teknologi facsimile, microfilm, lan sapanunggalaning. Metode menika dipunanggep paling murni amarga editor boten campur tangan. Ananging, metode menika kirang biantu pamaos amargi teks boten wonten perubahan.
b.      Metode Edisi Standar
Inggih menika nerbitaken naskah kanthi ngewahi kalepetan-kalepetan, saha ejaanipun ingkang kajumbuhaken kaliyan ejaan ingkang sampun lumampah. inggih menika metode ewahaning aksara naskah saking aksara setunggal dados aksara sanesipun kanthi adhedhasar EYD. Tuladhanipun inggih menika umpaminipun teks menika awujud akasara jawa kaliyan aksara arab, boten dipunparingi huruf kapital utawi huruf ageng kaliyan tandha-tandhaning waosan ingkang andadosaken angelipun kangge pamaosan saha pangertosan.
5.      Alih Basa utawi Terjemahan
Alih basa utawi terjemahan inggih menika ngewahi basa saking basaning teks utawi basa sumber-ipun dhateng basa sasaran utawi basa ingkang dipun pilih kajumbuhaken kaliyan ancasipun. Alih basa dipuntindakaken supados masyarakat ingkang boten paham kaliyan basa teks saged mangertos dhateng isinipun naskah (teks) kasebut.
Miturut Darusuprata wonten tigang warni alih basa utawi terjemahan kados kaandhar ing ngandhap menika.
a.       Terjemahan Harfiah
Inggih menika ngewahi basaning teks kanthi saben tembung-tembungipun dipun-ewahi dados basa sasaran miturut urutanipun ing andharan teks.
b.      Terjemahan Isi utawi Makna
Inggih menika ngewahi basaning teks kanthi saben tembung-tembung ing basa sumber ka-terjemah-aken dados tembung-tembung ing basa sasaran ingkang jumbuh.
c.       Terjemahan Bebas
Inggih menika ngewahi basa saking basaning teks dipun-terjemah-aken dados basa sasaran kanthi merdikaning penggalih adhedhasar paugeran ingkang gumathok.

6.      Madosi makna teks
Katindakaken kanthi maos nafsiraken wosing teks ingkang jumbuh kaliyan konteksipun.
BAB III
PANUTUP
Dudutan
Wonten ing naskah tunggal, panyuntingan namung saged dipun tempuh kalih cara, inggih menika piranti penerbitan satunggaling naskah ing edisi diplomatik utawa edisi standar, sarta ngginakaken metode fotografi utawa facsimile.
Garapaning panaliten filologi mawi naskah tunggal :
1.      Investarisasi naskah
2.      Deskripsi naskah
3.      Alih tulis
4.      Suntingan
Metode ingkang dipunginakaken:
Metode Edisi Naskah Tunggal
Metode menika dipun-ginakaken nalika kawontenan namung wonten setunggal teks ingkang saged dipun tliti (codex unicus). Panaliten naskah tunggal, wonten kalih jenis, inggih menika metode diplomatik kaliyan metode edisi standar
·         Metode Diplomatik
·         Metode Edisi Standar
Wonten ing suntingan menika metode ingkang beda kaliyan objek naskah jamak. Menika bedanipun kaliyan naskah jamak.
5.      Alih basa
6.      Madosi makna teks
Kapustakan
Baroroh-Baried, Siti dkk. 1985. Pengantar Teori Filologi. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Djamaris, Edwar. 2002. Metode Penelitian Filologi. Jakarta: CV Manasco.
Mulyani, Hesti. 2013. Komprehensi Tulis. Yogyakarta: Astungkara Media.
http://najwahblog.wordpress.com/2013/06/18/filologi/ dipunundhuh nalika tanggal 21/03/2014

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c