Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2013

Contoh Pambagyaharja/ Tanggap Wacana -Acara Pisahan Kelas XII (Pidato Bahsa Jawa Perpisahan)

PAMBAGYAHARJA Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh                 Dhumateng panjenenganipun Kepala Sekolah SMA N 1 Karanganyar, Bapak Ibu Guru dalahan Staff Karyawan SMA N 1 Karanganyar ingkang kula bekteni, kanca – kanca sarta adhik – adhik kelas SMA N 1 Karanganyar ingkang kula tresnani.                 Mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, Pangeran sedaya alam saengga kita sedaya saged makempal ing papan mriki, dene ing dinten punika kula lan panjenengan taksih saged mahargya acara pepisahan kelas kalih welas kanthi wilujeng nir sambikala.                 Para tamu sinedhahan, kula minangka wakilipun putra – putri siswa kelas kalih welas, ngaturaken agunging panuwun awit raos ikhlas saha Bapak Ibu Guru ingkang tresna anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa.                 Kula saha kanca – kanca kelas XII ingkang badhe nilar pawiyatan tansah nyuwun lan ndedonga adhik – adhik saged kasil anggenipun sinau lan tansah ngaosi Bapak Ibu Guru

TANGGAP WACANA PAHARGYAN PEPISAHAN KELAS IX (Pidato bahasa Jawa Perpisahan)

Assalamu’alaikum wr. wb Bapak Kepala SMP 1 Wonosobo ingkang kula hurmati, Bapak Pengurus Komite Sekolah saha tamu undangan ingkang kula hurmati, Bapak ibu karyawan lan karyawati ingkang kula hurmati, Bapak saha ibu guru ingkang tansah kula bekteni,  lan Rencang-rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani. Minangka pambukaning atur,  sumangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah karaharjan, kanikmatan,  saha kasarasan, saengga kita sadaya saged kempal wonten ing pahargyan pepisahan siang punika, kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.. Keparengan ing mriki kula minangka sesulihipun putra-putri kelas IX,  badhe matur wonten ngarsa panjenengan sami. Bapak saha ibu guru sekaliyan, utaminpun bapak kepala sekolah,  wonten ing kalodhangan punika kula sakanca  ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjengan sami, awit saking sih katresnan,  sadangunipun

Tanggap Wacana Mangeti Dinten Pahlawan (Pidato Bahasa Jawa Memperingati Hari Pahlawan)

Assalamu’alaikum warrahmatullohi wabarakatuh.. Alhamdulillahirabbil’alamin, wabihi nasta’in ‘ala umuriddunnyawaddin. Asholatu wassalamu’ala asrofil ambiyaa iwal mursalin, wa’ala alihi washohbihi ajmain. Robbisohri sodri, wayassirli amri, wahlul uqdata mmilisani yafqohu qouli, ama ba’du. Dhumateng panjenenganipun Bapak Walyono, S.Pd minangka Kepala SMPN 2 Gombong ingkang dahat kinormatan. Dhumateng Bapak/Ibu Guru saha Karyawan SMPN 2 Gombong ingkang kinurmatan. Para siswa-siswi kelas 7,8 lan 9 ingkang kula sayangi Langkung rumiyin sumangga kawula dherekaken ngunjuraken raos syukur ing ngarso dalem Alloh SWT ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat, nikmat, tuwin kawilujengan sahengga kita saged kempal kanthi boten wonten pambengan setunggal menapa. Para rawuh ingkang kinormatan!             Ing saben 10 Nopember, Bangsa Indonesia tansah mangeti dinten ageng inggih punika Dinten Pahlawan. Kados sampun kacetha bilih rikala tanggal 10 Nopember 1945, ing Kota

Tanggap Wacana Tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi (17-an) (Pidato Bahasa Jawa Hari Kemerdekaan)

Assalamu'alaikum wr.wb. Kadang-kadang kula ing wewengkon RT/RW........... ingkang kula kurmati. Sakderengipun kula ngaturaken tanggapan Dinten Proklamasi Kemerdekaan 17-8-1945, langkung rumiying kula ngajak dhateng panjenengan sadaya, mangga sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Kanikmatan Kamardhikan punika tangeh sagedipun kita darbeki, manawi tanpa peparing kamirahanipun Allah SWT. Kita sadaya yakin bab punika. Bangsa Indonesia sadaya pitados ing bab punika. Kapitadosan punika kita pacak ing Pambukaning UUD 1945 kanthi tetembungan: Berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa....salajengipun. Para sedherek. Kita ingkang sampun sepuh-sepuh punika saged ngraosaken kados punapa raosipun bangsa gesang dipun jajah dening tiyang sanes. Dene para mudha samangke sinaosa mboten ngraosaken, saged sinau saking sejarah, bab raos lan kawontenaning bangsa kita nalika kajajah dening bangsa ngamanca. Rahmating Allah awujud kamardikan pu

PIDHATO/SESORAH/TANGGAP WACANA/TANGGAP SABDA/MEDHAR SABDA

Tegese sesorah/pidhato/tanggap wacana/medhar sabda Sesorah yaiku micara utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah iku ngadhepi wong sing maneka warna, upamane beda pangkat/kalungguhan, tataran ngelmu, umut, lan sapiturute. Mula wong kang sesorah iku kudu ngerti bab wigati sing kudu digatekake supaya anggone sesorah bisa kasil karo sing dikarepake. Miturut panemune wong sing nindakake, sesorah iku ora angel kajaba kudu ngerti bab wigatine sesorah, uga gelem gladhen/latihan, saengga anggone sesorah bisa becik lan lancar. Ancase sesorah 1.       Atur pambagya : sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulang taun) lan sapiturute. 2.       Atur kabar/pawarta/informasi : informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamiarsa (pangrungu/pendengar). Bab sing kudu digatekake yaiku sing sesorah

Tuladha Tanggap Wacana Mengeti Dinten Pendhidhikan Nasional (Pidato Bahasa Jawa Hari Pendidikan Nasional)

Assalamu alaikum wr.wb. Nuwun, ingkang dhahat kinurmatan, para Bapak Ibu juri pidato Basa Jawi, para Dwija, para kadang saperjuangan ingkang kula tresnani, saha para rawuh ingkang sinurdarsana. Kaping sepisan, sumangga kita sami hangaturaken piji syukur, Alhamdulillah dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring karaharjan, saengga kita sedaya saged makempal sesarengan ing enjing/siyang menika ing adicara “LOMBA PIDATO BASA JAWI” kangge SMP utawi MTS sakitha Semarang taun 2012 kanthi rahayu, basuki nirbaya, nir ing sambekala. Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Kula minangka peserta lomba pidato Basa Jawi, namung saged hangaturaken pitutur ingkang tanpa reginipun, inggih menika babagan Dinten Pendhidhikan nasional. Kenging menapa kita sedaya kedah grengseng adherekaken dinten pendidikan Nasional ? amarga kita sedaya minangka jalma ingkang kathah kekiranganipun, boten wonten ingkang sampurna ing donya menika. Ngelmu menika kedah dipun