Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2013

Sesorah

TULADHA SESORAH BAB BEBAYA NARKOBA Assalammualaikum Wr Wb Sugêng siyang, Bapak saha Ibu guru ingkang kinurmatan Para kanca pêmudha lan pêmudhi ïngkang kula trêsnani, Nyuwun agunging pangaksama wondéné kula sampun kumawantun madêg matur wontên ing ngarsa panjênêngan sadaya, nun inggih awit saking adrênging manah anggèn kula badhé ndhèrèk urun rêmbag mênggah babagan narkoba. Ing kalodhangan wêkdal mênika kula badhé ngaturakên andharan ingkang magêpokan kaliyan prêkawis narkoba kanthi sêsirah: “Bêbayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”. Minangka purwakaning andharan sumangga kula lan panjênêngan sadaya ngaturakên puja-puji panuwun dhumatêng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjênêngan sadaya. Kanthi kanugrahan Gusti kalawau satêmah ing kalênggahan punika kula lan panjênêngan sadaya sagêd kêmpal manunggal wontên ing papan punika kanthi séhat botên wontên alangan satunggal mênapa. Sampun kawu

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA Unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya runtut anut paugeraning paramasastra. Supaya jumbuh/trep karo unggah-ungguhing basa Jawa, mula menawa sesrawungan karo wong liya kudu: 1. Basane netebi pranataning subasita 2. Manut paugeran tata susila 3. Basane gawe reseping ati Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku sing mbedakake basa Jawa karo basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakane nganggo wewaton ing antarane: 1. Umur Sing enom ngurmati sing tuwa 2. Peprenahan Adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu Anak ngurmati bapa lan biyung 3. Drajat pangkat Murid ngurmati marang gurune. Pegawe ngurmati marang pangarsane. 4. Drajat semat Ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lan sapanunggalane. 5. Trah Ngurmati merga tedhak turune wongluhur, trahing kusuma rembesing madu. 6. Luhuring pribadi Sarjana, pahl

Wangsalan

WANGSALAN Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Peranganing wangsalan iku ana 3, yaiku: Ukara wangsalan     : unen-unen kang kudu dibatang utawa cangkrimane Batangan                 : bedhekan/jawaban kang sabenere Tebusan                   : jawaban utawa wangsulan kang wis ditulis sajroning wangsalan nanging durung pati cetha Jinising wangsalan: Wangsalan Lamba Lamba iku tegese siji. Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang batangane nung ana siji. Tuladhane: Jangkrik gedhe, dheweke lagi duwe sir kok. Ukara wangsalan          : jangkrik gedhe Batangan                      : gangsir Tebusan                        : sir Bocah cilik aja ngrokok cendhak, senengane neges-neges ngendikane wong tuwa. Ukara wangsalan          : ngrokok cendhak Batangan                      : tegesan Tebusan                        : neges-neges Wangsalan Rangkep Wangsalan rang

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Pangertosan Drama

Pangertosan drama Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ ( to do, to act ). Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak ( action ) lan paguneman ( dialog ) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.   Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp. Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese nduw

Geguritan

Tegese geguritan Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair. Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tembang, kidung, syair.  Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg. Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar. Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu. 2. Titikane geguritan Titikane geguritan yaiku: Ora kawengku ing pathokan Dudu basa padinan Migunakake tembung-tembung kang pinilih Cacahe larikan ora katemtokake Isine