Langsung ke konten utama

Komunitas dan Kelompok Seni KELANA BHAKTI BUDAYA Yogyakarta.


KELANA BHAKTI BUDAYA

Kelana Bhakti Budaya inggih menika salah satunggaling kelompok ketoprak berpindah ingkang pungkasan wonten Jawa sakmenika. Papanipun wonten ing Balong Bayen, Purwomartani, Kalasan, Sleman, Yogyakarta. Sadereng mapan wonten papan ingkang sakmenika, Kelana Bhakti Budaya mapindah saking satunggal dusun wonten dusun lianipun. Pengembaraanipun dipun-wiwiti saking Kediri, Jawa Timur. Sakmenika anggotanipun namung 15 tiyang. Kaluarga Risang Yuwono sampun dados salah satunggal pamimpin saha gayut kaliyan kelompok menika laminipun 12 taun.


Tirai merah membalut panggung Kelana Bhakti Budaya

Ketoprak Tobong utawi Ketoprak Tonil inggih menika kesenian tradisional ingkang dados cikal bakal saking dunia theatrical wonten jawa. Pamentasanipun dipunlaksanaaken kanthi cara ngupengi saha  mapindah-pindah saking satunggal papan wonten papan liyanipun wonten kurun waktu tartamtu. Mapindahan menika sanes namung saking sisi pemain, nanging uga kaliyan mbeta sedaya perlengkapan pentas, tuladhanipun kostum, dekorasi panggung, kursi, gamelan, sound system, diesel, uga tobong, inggih menika bangunan kangge pentas saha dados papan pagesangan para pemainipun.
Ketoprak inggih menika tuladha warisan budaya ingkang badhe punah. Wonten Kediri, Jawa Timur pakempalan ketoprak taksih dipun-lestantunaken dumugi sakmenika. Kelana Bhakti Budaya inggih menika generasi ketoprak tobong ingkang sampun wonten tahun 1960-an. Pakempalan-pakempalan ketoprak liyanipun bangkrut, Kelana Bhakti Budaya lair kaliyan niatan suci: mempertahankan budaya leluhur. Namung niat tulus ikhlas ingkang dados dasar semangat saking anggota. Buktinipun tetep setia ngremabaka pentas ngupengi, namung kaliyan imbalan ingkang sakedik. Para pemain uga gadhah sambilan, dados tukang bangunan, tukang watu utawi buruh liyanipun.
Kelana Bhakti Budaya ingkang madeg taun 2000 menika nglestantunaken generasi ketoprak tobong wonten Kediri. tertatih-tatih pakempalan menika madeg wonten ing zaman televisi saha komputer. Saderengipun, pakempalan ketoprak menika anggadhahi asma Sri Budoyo (1992), lajrng gantos asmanipun dados Candra Kirana (1994). Sejantosipun ketoprak menika sempet vakum wonten ing taun 1999, nanging saged bangkit malih saking usaha bapak Dwi Tartiyasa, ingkang anggadhahi ketoprak sakmenika. Ingkang menarik saking pakempalan ketoprak menika inggih menika : semangat dari para anggota ketoprak tobong yang merelakan hidup matinya ada di tobong. Kedah pentas kanthi mapindah-pindah kaliyan penghasilan ingkang sakedik. Ugi dereng bilih wektu musim udan tiba, para pemainipun boten panyarue penghasilan saha namung panyarue arta maem.
Wonten ing zaman televisi saha komputer, ketoprak tobong boten ngalami parubahan ingkang kathah. Inovasi wonten ketoprak tobong kurang sanget, saha uga lakon carios kanthi sakmenika taksih sami. Para pemainipun boten saged sami kaliyan selera pasar sakmenika, Lajeng sakmenika ketoprak kathah kelangan pamiarsa. Saha uga amargi pamentasan menika dipungelar wonten dinten dalu, mulai saking jam 21.00 dumugi 23.30 dalu. Satemah kathah tiyang ingkang enggan ningali amargi luwih sae ngagem wektu kangge ngaso.



Ketoprak Tobong Kelana Bhakti Budaya

Sampun dipun-sebataken bilih Kelana Bhakti Budaya inggih menika satunggalipun ketoprak tobong ingkang wonten ing Yogyakarta. Anggota saha penggemar ketoprak tobong menika 97% inggih menika para sepuh ingkang sampun anggadhahi umur luwih saking 50. Katingal saking fakta menika boten kula suwun ketoprak menika badhe mati. Nanging wonten pungkasan kula ngajak para pamaos boten kelingan budaya leluhur khususipun ketoprak tobong. Utawi panjenengan sedaya ikhlas mabiyantu kanthi cara mundhut karcis saha ningali ketoprak menika.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pambagyaharja Adicara Midodareni

Nuwun, Para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, sarta para tamu ingkang sutresna. Awit saking mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu ... keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan. Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT Ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira déning panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan. Ing madyaning pepanggihan menika sawetawis panjenengan lenggah, kula ngaturaken pambagya kawilujengan sugeng rawuh. Panjenengan sampun kasdu rawuh saprelu paring pangèstu hangestreni tumapaking adicara menika. Awit saking menika, kula ngaturaken agunging panuwun, sukaning manah kula tanpa pepindhan. Kula tansah memuji bilih krentenging tekad bebesanan saged kalajengaken ngantos ing titi wanci dhaup palakrama. Lan ugi kula sakulawarga tansah nyuwun puji pandonga paduka para tamu pamrih sesambetanipun anak kula, Nini Rara Sekar kaliyan Nakmas Bagus Bayu Tirta Aji saged tetep lestari dumugi ing mangsa palakrama. Panyu...