Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak (action) lan paguneman (dialog) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.
- Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp.
- Nonton lan nanggapi pementasan drama
Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese nduweni kaendahan basa. Supaya penonton bisa ngrasakake dialek utawa ritme omongan saka para paraga kasebut, awake dhewe kudu gladhen supaya paguneman bisa nduweni sipat estetis, yaiku kanthi olah vokal.
Kagiyatan evaluasi utawa mbiji, yaiku kagiyatan mbandhingake pementasan drama lan kriteria standar kwalitas sing diyakini bijine. Standar kwalitas kuwi digawe sarana ilmu lan pengalaman ing sajroning ngrasakake lan mangerteni sawijining pentas minangka sawijining proses lan produk.
Unsur intrinsik drama
Unsur intrinsik ing naskah drama (sandiwara) yaiku:
1) Tema
Tema yaiku gagasan pokok/ide pokok kang dadi dhasar lakon ing crita drama. Tema bisa diandharake kanthi eksplisit (transparan utawa melok), uga bisa diandharake kanthi implisit (tersirat). Wujude tema warna-warna, bisa diandharake srana irah-irahan, gambaran latar, paraga, utawa dialog antaraning paraga.
2) Alur
Alur yaiku urut-urutaning crita wiwit lekas nganti pungkasaning drama, mujudake sabab musababe kang mbangun crita. Alur iku kapernag dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur sorot balik (regresif/flash back).
3) Penokohan/paraga
Paraga yaiku pawongan kan nindakake crita. Penokohan nggambarake watak saka para paragane. Paraga kang nduweni watak becik diarani paraga protagonis, dene paraga kang nduweni watak ala diarani paraga antagonis.
4) Latar (setting)
Latar yaiku sakabehe katrangan, panuduh, panggonan sing ana sesambungane karo wektu, swasana lan panggonan ing sajroning crita. Latar kaperang dadi 3, yaiku:
- Latar panggonan/geografis
1) Paraga kanthi latar sosial cendhek/asor
2) Paraga kanthi latar sosial sedheng (menengah)
3) Paraga kanthi latar sosial dhuwur/luhur
5)Amanat
Amanat yaiku weling saka pangripta kanggo pamaose. Weling kang dikarepake iku bisa awujud piwulang becik lan ala, ngenani sesambungane manungsa karo sapadhane, Gusti Allah, utawa karo dhiri pribadine.
Titikane drama iku nduweni naskah rantaman lakone crita. Naskah kasebut uga diarani skenario. Dene ing ngisor iki bakal dirembug katrangan ngenani skenario.
Naskah utawa skenario iku kedadean saka babak-babak. Anggone ngedum babak-babak iku ora mung sakarepe penulis skenario, nanging adhedhasar alesan kang kuwat. Saben babak, ana perangan kang diarani adhegan. Adhegan iku perangan ing babak kang diwatesi dening owah-owahaning swasana, papan, gantining utawa tekaning paraga liya. Uga ana kang diarani pandom, yaiku peranganing naskah kang nerangake kahanan/swasana, sipat lan tingkah lakuning para paraga lan liya-liyane. Biasane, perangna iki tinulis ing antarane tandha kurung. Isine naskah skenario yaiku:
Naskah drama minangka papan kanggo ndelehake ide (panemu) crita ng sajroning alur crita lan rantamane lakon. Wong nulis naskah drama ing sajroning proses karyane biasane nganggo pathokan saka tema crita. Tema kuwi digawe dadi sawijining crita sing kedadean saka prastawa-prastawa sing nduweni alur sing cetha, kanthi ukuran lan suwene (durasi) manut kabutuhan. Mula saka kuwi, nalika gawe naskah drama pathokane ana 3, yaiku:
Ing sajroning nulis naskah skenario, kudu nggatekake: |
Komentar
Posting Komentar