Langsung ke konten utama

Sesorah Kebersihan Lingkungan



Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .
Dhumateng Bapak saha Ibu-ibu Dusun Cilopadang ingkang kinurmatan, saha rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kinurmatan
Monggo kita sesarengan ngonjukaken puji syukur Dhumateng  Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah saha karunia, Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan wonten pawiyatan mengeti dinten kebersihan lingkungan nasional  kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnanim,
Ingkang kaping satunggal kita sedaya kedah mangertos lingkungan menika papan kangge kita sedaya nggantungaken gesang umat menungsa. Amargi sakmenika kita sedaya kedah njaga lingkungan supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita, sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah satunggaling cara supados lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita inggih menika njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang saleresipun inggih menika lingkungan ingkang layak kanggge papan menungsa saha kesehatan menungsa saged dipunjaga, amarganipun sakmenika kita sedaya kedah njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken pagesangan ingkang sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan inggih menika cara ingkang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai wonten musim udan sakmenika. Njaga kebersihan lingkungan saged dipunwiwiti saking reresik lingkungan menika, ingkang kita tresnani, menawi dusun Cilopadang menika resik, ndadosaken tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge reresik dusun piyambakipun. Dampak positifipun inggih menika masyarakat dados nyaman amargi lingkunganipun resik.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten tembung ingkang kirang sae kulo nyuwun pangapunten. Saha mugi-mugi masyarakat sedaya saged mundhut manfaatipun saking pawiyatan sakmenika.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c