Langsung ke konten utama

UPACARA SIRAMAN, MULONI, PECAH KENDHI SAHA TIGAS RIKMA

Kapurwakan ingkang sepisan rama, Bapak.... paring jamas ing warih. Sepisan jinamas ing mustaka amrih suci ing cipta. Kaping kalih jinamas ing bahu kanan lan kering, toya lumeber munggwing jaja amrih suci ing rasa. Kaping tiga siniram ing samparan amrih suci ing karsa. Tumuli ingkang ibu nggosok konyoh manca warna. Manca tegese lima utawi manekawarni, warna tegese jinising konyoh. Warnaning konyoh minangka lulur sarana pambukaning pamor. Pamor dumadi saking manekawarni  sumoroting cahya, marma linambangaken ing konyoh awarna pethak, wilis, bintulu, jenar, sarta rekta. Paripurna nggosok konyoh mancawarna, ingkang ibu ugi kepareng paring jamas pasiraman dhumateng ingkang putri kinasih.
Ingkang salajengipun, kasuwun paring pngestu Ibu.... kanthi pinaringan pepuji sesanti ginarujug salira rukmi mawi tirta perwita adi. Matur nuwun dhumateng Ibu.... kepareng lenggah ing sasana sakawit. Tumuli kasuwun Ibu....
Sambeting kandha apa ta kang minangka palenggahanira risang calon penganten. Nun inggih klasa bangka ingkang kinarya mbuntel ron alang-alang, ron kapa-kapa, ron awar-awar, roning kaluwih, miwah roning turi kang satuhu ngemu pralampita sinandi. Matur nuwun dhumateng Ibu....
Kalajengaken Ibu....
Klasa bangka minangka pratandha gumelaring jagad raya. Ing wanci menika risang ahayu sampun badhe ngancik jagading kulawarga arsa mangun bebrayan enggal. Sewu gunging panuwun konjuk Ibu....
Kepareng salajengipun kersaa Ibu.... paring pasiraman calon pinanganten putri.
Ron alang-alang tuwin ron kapa-kapa pralambang panyuwun muga-muga anggone mangun brayat ora alangan apa-apa. Ron awar-awar, sedaya pepalang miwah sambekala sampun binawar-tawar satemah mung rahayu kang tansah tinemu.
matur nuwun Ibu.... salajengipun sumangga Ibu....
Ron kaluwih ngemu pralampita mugi benjing risang calon penganten tansah pinaringan kaluwihan. Luwih ing drajat, pangkat, miwah semat, satemah kajen kinaringan mring sasami, cekap ing sandhang miwah boga. Matur nuwun Ibu....
Tumuli Ibu.... kepareng pring pangestu kanthi paring siraman dhumateng calon penganten putri.
Roning turi minangka panyuwun dhumateng para kasepuhan miwah winasis paring pitutur dhumateng risang calon pengantin putri. Sinambi paring siraman, kasdu paring pitutur ingkang dumeling ing talingan. Pitutur para luhur sageda dados dedamar anggenipun risang calon penganten putri lumebet ing madyaning bebrayan agung. Matur nuwun.
Sampun jangkep pitu ingkang paring siraman mring sarira rukmi calon penganten putri. Mugi luhuring budi para pinisepuh saged lumeber mring risang pinanganten. Maknaning gunggung pitu ingkang paring jamas pasiraman, mugi risang calon penganten tansah pikantuk pitulunganing Pangeran, sarta tansaha darbe watak suka tetulung mring sasamining dumadi.
Keparenga salajengipun ingkang Bapak.... paring sesuci mring risang pinanganten putri.
Toya kawijilaken saking kendhi pratala toya siniramaken warata saranduning sarira, ilining toya data kendhat pratandha sempulur ing samudayanipun. Sempulur kayuwananipun, sempulur razekinipun, sempulur kaluwarganipun, miwah sempulur samudayanipun.
Sampun telas isining toya ing kendhi pratala, Ibu.... tumuju majeng ing sangajengipun risang calon penganten putri. Ingkang ibu badhe mecah pamoring sang dyah ayu:
“Niat ingsun ora kemecah, mecah kendhi, nanging mecah pamore putriku....” (pyar!). “Wus pecah pamore.”
Mekaten kalawau menggah tumapaking adicara jamas pasiraman calon  penganten putri. Bapak-Ibu.... saestu ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kasepuhan saha pinisepuh ingkang sampun kepareng paring pangestu kanthi paring siraman dhumateng risang calon penganten putri. Mugi luhuring budi panjenengan pinaringan lelintu mring Gusti kang Mahahayu.
Risang pinanganten putri tumuli kakanthi ing sasana piniji saprelu nindakaken adicara salajengipun nun inggih upacara ngerik. Dhumateng para tamu kepareng wawan pangandikan, langen suka, sinambi ngunjuk saha dhahar nyamikan ingkang sampun kaladosaken mring para kadang kaneman. Sumangga! 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c