Langsung ke konten utama

Pasrah Adicara Midodareni

Nuwun.
Wonten ngarsanipun para pinisepuh, kasepuhan ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh ingkang minulya, para tamu ingkang sinungga ing kabagyan, langkung-langkung wonten ngarsanipun Bapak Jamali ingkang minangka sesulihipun Bapak-Ibu Sugeng Raharjo  ingkang kinurmatan. Kula minangka badaling wacana sinambeting raga Bapak-Ibu Slamet Utomo Nun inggih calon besan keparenga matur:
            Pisowan kula sakadang ing papan ginanjar kawilujengan awit saking sihing Gusti kang Maha Agung. Pramila kula sakadang tansah ngaturaken puji syukur pamuji rahayu mring ngarsaning Gusti kang Mahawelas lan Mahaasih.
            Kula ugi ngaturaken sewu agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene pisowan kula pinahargya kanthi mirunggan, grapyak semanak, somengguh ing pasedherekan. Sedaya kalawau nedahaken luhuring budi kulawarga Bapak-Ibu Sugeng Raharjo.
            Bapak Sugeng Raharjo kula ngaturaken salam taklim wonten ngarsa panjenengan, sarta salam pakurmatan dhumateng Bapak-Ibu sedaya saha sungkem katur para pinisepuh ingkang minulya.
            Sowan kula sakadang sapengombyongan kinanthenan syarat sarana majemukan srah-srahan kinarya tandha taliningsih saha antebing tekad kula badhe bebesanan kaliyan panjenengan sekaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo. Antawisipun pisang sanggan kinarya patandha bilih anakmas calon penganten kakung nun inggih Bagus Bayu Tirta Aji sampun sawega hanampi gesang, samekta ing palakrama, kasdu paring pangayoman hangayomi Nimas Rara Sekar nun inggih calon penganten putri. Kajawi menika uga ubarampe sanesipun manut tatacara adat Jawi, sarta buwuh redana harta kinarya pinungsun mugi amrih saged suka pangentheng-entheng anggenipun miwaha putra mahargya siwi.
            Bapak-Ibu Sugeng Raharjo ingkang minulyeng budi, kula sakadang ugi nganthi calon penganten kakung, nun inggih anakmas Bagus Bayu Tirta Aji sowan wonten ngriki saperlu ndherek nyantri, nyenyadhong sih wewarah panjenengan sekaliyan sarta para winasis kinarya dedamar anggenipun badhe dhaup palakrama. Ing dalu menika ugi, kula masrahaken calon penganten kakung wonten ngarsa panjenengan. Lamun sampun dumugi wancinipun karsa kadhaupaken kaliyan Nakmas Ayu Rara Sekar
            Bokmenawi sowan kula sakadang sapegombyong wonten tuna dungkaping atur saha solah bawa kula ingkang nyuwunaken pangapunten. Kula pribadi bokmenawi wonten kalepatan anggen kula matur, jenang sela wader kalen sesondheran, anagpura yen wonten lepat kula. Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c