Langsung ke konten utama

Tampi Adicara Midodareni

Nuwun,
       Wonten ngarsanipun Bapak Budi Sularso minangka duta saraya saking panjenenganipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang satuhu kinurmatan. Mekaten ugi sedaya kadang pangombyong ingkang sinungga ing akarami, sarta para rawuh ingkang sinuba ing kawilujengan.
           Kula minangka wakilipun Bapak-Ibu Sugeng Raharjo tansah amuji sih palimarmaning Gusti ingkang sampun ngrumentahaken kabagyan, kamulyan sarta kawilujengan dhumateng baraya agung Bapak-Ibu sapengombyong sarta para tamu ingkang minulya.
            Bapak Budi Sularso salam taklim panjenengan sampun kula tampi kanthi tinarbukaning manah. Pakurmatan dhumateng Bapak-Ibu Sugeng Raharjo handadosaken toya kekiyatan mrih sentosa anggenipun badhe hamiwaha putra, ngentas pitulus ingkang putri kinasih. Sungkem paduka dhumateng para pinisepuh ndadosaken hayoming kalbu mugi hanambah kekiyatan hanggenira hamengku putra tumekeng putu. Mekaten ugi kula ngaturaken salam taklim katur wonten ngarsa panjenengan, salam pakurmatan dhumateng ingkang handuta panjenengan, sarta sungkem pangabekti konjuk para pepundhen miwah kasepuhan.
           Sarawuh panjenengan sedya kula ngaturaken pambagya kawilujengan sinartan pepuji mung tansah sumandhing ing katentreman sarta karahajan, tinebihaken ing sarusiku, kalis ing sapu dhendha satemah yuwana nir ing sambekala.
            Kajawi menika kados kadhawahan daru wahyuning kamulyan, manggih cepaka mulya ing satengahing marga dupi kula mireng ingkang dados dhawuh pangandikanipun Bapak Sugeng Raharjo . Rawuh penjenengan saestu ndadosaken suka renaning manah kula. Sedaya kalawau kinarya pratandha supeketing paseherekan. Kathik rawuh panjenengan taksih kasdu ngasta ubarampe uakarta majemukan srah-srahan. Sedaya kalawau handadosaken mongkoking namah kula sarta nedahaken kalamun panjenengan trahing Jawi ingkang satuhu pana ing kalungguhaning buaya adat tatacara Jawi. paringan panjenengan kula tampi kanthi lumahing asta sarta bingahing manah. Kula boten saged atur piwales menapa-menapa kajawi hamung munjuk mring ngarsaning Gusti, mugi Gusti kang Mahamirah paring lelintu ingkang sakalangkung murakabi tumrap kulawarga panjenengan.
            Mekaten ugi, tumrap pasrahing calon penganten kakung Nakmas Bagus Bayu Tirta Aji saestu kula tampi sarta ndadosaken remening manah, calon penganten badhe nyantri ing papan menika. mugi hinawuyan Gusti kang Mahahayu satemah rahayu kang samya tinemu sinengkuyung para pepundhen kang tansah hamuji rahayuning kang samya dumadi.
            Kalamun sampun dumugi ing wahyaning mangsa kala Anakmas Bagus Bayu Tirta Aji badhe kula dhaupaken kaliyan anak kula pun Nini Rara Sekar. Panyuwun kula mugi karsa paduka suka pepuji mrih sageda lulus raharja ing samudayanipun ngantos paripurnaning gati.
     Mugi sekeca anggenipun lenggahan sinambi bawarasa bawakarsa kaliyan para kadang tamu ngantos paripurnaning adicara. Kalamun para kadang kaneman pramubujana sampun kepareng ngaturaen pasugatan unjukan, nyamikan saha dhaharan kersa ngrahabi kanthi mardikaning penggalih.
            Bokmenawi anggenipun ngacarani rawuh paduka kirang gupuh ing aruh, mungguh ing lingguh dhahar ingkang kirang lawuh, mugi panjenengan sedaya kersa nglumunturaken sih gunging samudra pangaksama.
Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c