Langsung ke konten utama

Tuladha Tanggap Wacana Mengeti Dinten Pendhidhikan Nasional (Pidato Bahasa Jawa Hari Pendidikan Nasional)

Assalamu alaikum wr.wb.
Nuwun, ingkang dhahat kinurmatan, para Bapak Ibu juri pidato Basa Jawi, para Dwija, para kadang saperjuangan ingkang kula tresnani, saha para rawuh ingkang sinurdarsana.
Kaping sepisan, sumangga kita sami hangaturaken piji syukur, Alhamdulillah dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring karaharjan, saengga kita sedaya saged makempal sesarengan ing enjing/siyang menika ing adicara “LOMBA PIDATO BASA JAWI” kangge SMP utawi MTS sakitha Semarang taun 2012 kanthi rahayu, basuki nirbaya, nir ing sambekala.
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Kula minangka peserta lomba pidato Basa Jawi, namung saged hangaturaken pitutur ingkang tanpa reginipun, inggih menika babagan Dinten Pendhidhikan nasional.
Kenging menapa kita sedaya kedah grengseng adherekaken dinten pendidikan Nasional ? amarga kita sedaya minangka jalma ingkang kathah kekiranganipun, boten wonten ingkang sampurna ing donya menika. Ngelmu menika kedah dipunlampahi kanthi sabar, lan usaha. Dipungambaraken:
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese, durangkara….
Saking tembang kasebat saged dipunpendhet bilih kepengin pinter menika kedah rekasa, kanthi laku, pengorbanan, perjuangan, kanthi tujuan menawi ngelmu menika saged nyingkiraken bebendu ingkang awon.
            Para rawuh bapak Ibu, dalah kanca ingkang kula tresnani. Menawi nyemak dinten pendhidhikan nasional boten saged uwal saking tokoh ingkang asma Ki Hajar Dewantara. Tokoh kasebat ingkang satuhu dados piyantun ingkang ngrembakakaen donyaning pendhidhikan nasional. Pendhidhikan nasional ingkang sansaya majeng, andadosaken jagating pendhidhikan Indonesia boten katilar kaliyan donyaning pendhidhikan manca nagari. Pramila lomba tuwin kegiyatan ingkang sipatipun internasional, para lare utawi dhuta Indonesia ugi ndherek. Asilipun boten nguciwani, kadosta dados juwara karya ilmiah remaja internasional, lan sapanunggalanipun.
Gegayutan kaliyan pengetan dinten Pendhidhikan Nasional, pramila para siswa kedah sansaya sregep sinau, sansaya sregep anggenipun ngresiki kelas tuwin kegiatan sanesipun.
Kosok wangsulipun, menawi klas saha lingkungan sekolah reged, boten tumata, menapa malih gandanipun boten sekeca, murid anggenipun sinau kirang sreg. Wusana ingkang kados makaten njalari prestasinipun para lare kendho, saengga prestasi belajar siswa ugi kirang majeng.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Saking andharan kala wau saged dipunpendhet dudutan. Ingkang kapisan, minangka manungsa kedah sinau, boten mandeng yuswanipun. Gusti ingkang Maha asih menika badhe ngginggilaken manungsa ingkang gadhah ngelmu ingkang murakabi, menawi dipunlampahaken wonten ing margi ingkang leres. Ingkang kaping kalih, Negara Indonesia menika boten kalah kaliyan Negara ingkang sampun majeng. Negara kita saged dados Negara ingkang dipunsegani bangsa sanesipun menawi leres patrapipun, boten wonten korupsi, Gemah ripah loh jinawi. Kanthi makaten, boten wonten kacingkrangan ing bebrayan.  Ingkang kaping tiga, menawi kunci sukses menika boten saged uwal saking karesikan lan kenyamananing ruwang anggenipun sinau. Lan karesikan menika saperangan saking iman.
            “Kita sedaya gadhah iman ta nggih bapak ibu….. ?!”
            Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kiranging trapsila, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun nuwun nuwun. Maturnuwun.
Wassalamu alaikum wr.wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c