Langsung ke konten utama

Tanggap Wacana Tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi (17-an) (Pidato Bahasa Jawa Hari Kemerdekaan)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kadang-kadang kula ing wewengkon RT/RW........... ingkang kula kurmati.
Sakderengipun kula ngaturaken tanggapan Dinten Proklamasi Kemerdekaan 17-8-1945, langkung rumiying kula ngajak dhateng panjenengan sadaya, mangga sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Kanikmatan Kamardhikan punika tangeh sagedipun kita darbeki, manawi tanpa peparing kamirahanipun Allah SWT. Kita sadaya yakin bab punika. Bangsa Indonesia sadaya pitados ing bab punika. Kapitadosan punika kita pacak ing Pambukaning UUD 1945 kanthi tetembungan: Berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa....salajengipun.

Para sedherek.

Kita ingkang sampun sepuh-sepuh punika saged ngraosaken kados punapa raosipun bangsa gesang dipun jajah dening tiyang sanes. Dene para mudha samangke sinaosa mboten ngraosaken, saged sinau saking sejarah, bab raos lan kawontenaning bangsa kita nalika kajajah dening bangsa ngamanca.

Rahmating Allah awujud kamardikan punika boten ujug-ujug dhawah saking nglangit, boten. Kamardikan rahmating Allah kita upadi kanthi sarana perjuangan. Kanthi kita tebus pangurbanan bandha, tenaga lan jiwa. Sapinten pangurbanan ingkang awujud jiwaning para pahlawan Kemerdekaan, bebasan tanpa wilangan. Mila kita nama utang budi kaliyan para pahlawan ingkang sampun ngrumiyini murud ing kasidan jati, sowan ing pangayunaning Allah. Kita ingkang ngraosaken sekecanipun para pahlawan ingkang nglampahi rekaosipun.

Mila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan lenging manah amung:

Sepisan: Nelakaken sanget ing syukur kita dhateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa.

Kalih: Kita kepingin ngenget-enget lelabetipun para pahlawan ingkang sampun siyaga dados tumbaling kamardhikan.Kita unjukaken puji pandonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetipun lan kapirangan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.

Tiga: Kita lajengaken perjuanganipun para pahlawan nyampurnakaken kasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari Mardika punika amrih reja lan makmuripun. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara.
Saeba ta panjeritipun para pahlawan ingkang sampun suwargi, nguningani kita sami cakar-cakaran berkat, boten ngemban amanatipun.
Makaten ugi Allah ingkang sampun kepareng Nggadhuhaken Negari Mardika punika dhateng kita, mangka boten sami purun makmuraken, sirna sipat kita dados kalifah ing bumi. Tundhonipun ALlah badhe duka, paring azab dhateng kita.

Para sadherek sadaya,
Mangga ing kalodhangan punika kita sami ngunjukaken puji syukur dhateng Pangeran sarta ndedonga kagem para pahalwaning bangsa, amrih lelabetipun katampi lan kaparingan piwales dening Allah, kanthi ngeningaken pancadriya sawetawis, manut agami lan kapitadosan kita piyambak-piyambak.

Mangga kula dherekaken............

Matur nuwun.

Makaten tanggap wacana kula ing tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi Kamardikan ingkang kaping..... Dene bab sejarah lan riwayat nagari kita wiwit penjajahan ngantos Mardika, badhe kaandaraken dening ingkang kawogan.
Sadaya kalepatan kula, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pangertosan Drama

Pangertosan drama Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ ( to do, to act ). Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak ( action ) lan paguneman ( dialog ) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.   Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp. Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese ...

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...