Langsung ke konten utama

Tanggap Wacana Mangeti Dinten Pahlawan (Pidato Bahasa Jawa Memperingati Hari Pahlawan)


Assalamu’alaikum warrahmatullohi wabarakatuh..
Alhamdulillahirabbil’alamin, wabihi nasta’in ‘ala umuriddunnyawaddin.
Asholatu wassalamu’ala asrofil ambiyaa iwal mursalin, wa’ala alihi washohbihi ajmain.
Robbisohri sodri, wayassirli amri, wahlul uqdata mmilisani yafqohu qouli, ama ba’du.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Walyono, S.Pd minangka Kepala SMPN 2 Gombong ingkang dahat kinormatan.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru saha Karyawan SMPN 2 Gombong ingkang kinurmatan.
Para siswa-siswi kelas 7,8 lan 9 ingkang kula sayangi
Langkung rumiyin sumangga kawula dherekaken ngunjuraken raos syukur ing ngarso dalem Alloh SWT ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat, nikmat, tuwin kawilujengan sahengga kita saged kempal kanthi boten wonten pambengan setunggal menapa.
Para rawuh ingkang kinormatan!
            Ing saben 10 Nopember, Bangsa Indonesia tansah mangeti dinten ageng inggih punika Dinten Pahlawan. Kados sampun kacetha bilih rikala tanggal 10 Nopember 1945, ing Kota Surabaya wonten prastawa perang ageng antawisipun arek-arek Surabaya ngusir penjajah ingkang mbonceng Inggris (Sekutu) lumarap ing tanah Jawi. Ingkang salajengipun prastawa punika damel hereging donya, ngantos Dewan Keamanan PBB tumut campur tangan ngengini prastawa punika.
Kanthi semboyan “Rawe-rawe lantas, Malang-malang putung” , “Mandheg ambleg, mundur mjur” , “Mati siji tuwuh sewu”. Para pejuang mupuk semangatipun kangge  ngusir kolonialisme saking Tanah Air.
Para rawuh ingkang kinormatan!
            Ing pangetan punika mboten kula jlentrehaken sedaya prastawa ing tanggal 10 Nopember 1945, nanging hikmahipun ingkang saged kapendhet saka prastawa punika yaiku semangatipun perjuangan pahlawan kangge nindakaken pejuang ing babagan pembangunan.
            Kanthi rahmating Alloh SWT, Pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya saka penjajah. Kula mboten saged nglalekaken mekaten kemawon perjuanganipun arek-arek Surabaya ingkang dipimpin dening panjenenganipun pejuang ageng, inggih punika semangat Bung Tomo, ingkang kanthi sora ngagungaken asmaning pangeran:
“Allahu akbar! Allahu akbar!”
Jiwa lan semangat 10 Nopember taksih wonten ing jajaning Bangsa Indonesia kangge mbangun Negari Indonesia. Kanthi berjuang “Sepi ing pamrih, rame ing gawe”.
            Kathah para pejuang ingkang ndhepani bantala mbela bangsa lan nagari, kangge putra lan putu ing tembe. Pramila mangga sesarengan nglajengaken punapa ingkang dados perjuanganipun para pahlawan.
Ing salebeting kita merdeka, kita taksih berjuang. Mboten kangge merangi penjajah nanging kangge merangi kemiskinan lan kebodohan tumrap Bongsa Indonesia. Pramila mboten wonten awonipun  kangge ngenget jasa pahlawan, sumongga ngeningaken cipta sakedhap kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medan juang. Mugi-mugi amal lan kasaenanipun katampi ing sisihing Gusti Allah. Allohumma amin..
 Para rawuh ingkang kinormatan!
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten thithaling rembag saha kirang suba sitahing tandang tanduk atur kula tansah nyuwun agenging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum warrahmatullohi wabarakatuh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pangertosan Drama

Pangertosan drama Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ ( to do, to act ). Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak ( action ) lan paguneman ( dialog ) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.   Maragakake drama Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp. Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese ...

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...