Langsung ke konten utama

Contoh Pambagyaharja/ Tanggap Wacana -Acara Pisahan Kelas XII (Pidato Bahsa Jawa Perpisahan)

PAMBAGYAHARJA
Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
                Dhumateng panjenenganipun Kepala Sekolah SMA N 1 Karanganyar, Bapak Ibu Guru dalahan Staff Karyawan SMA N 1 Karanganyar ingkang kula bekteni, kanca – kanca sarta adhik – adhik kelas SMA N 1 Karanganyar ingkang kula tresnani.
                Mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, Pangeran sedaya alam saengga kita sedaya saged makempal ing papan mriki, dene ing dinten punika kula lan panjenengan taksih saged mahargya acara pepisahan kelas kalih welas kanthi wilujeng nir sambikala.
                Para tamu sinedhahan, kula minangka wakilipun putra – putri siswa kelas kalih welas, ngaturaken agunging panuwun awit raos ikhlas saha Bapak Ibu Guru ingkang tresna anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa.
                Kula saha kanca – kanca kelas XII ingkang badhe nilar pawiyatan tansah nyuwun lan ndedonga adhik – adhik saged kasil anggenipun sinau lan tansah ngaosi Bapak Ibu Guru.
                Para tamu ingkang kinurmatan, kula naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak Ibu Guru saha adhik – adhik. Kula minangka wakil kelas XII nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa upami. Semanten ingkang kula aturaken, mbokbilih wonten kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pranatacara Adicara Midodareni

Nuwun,             Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyongan sampun arsa prapta ing wismaning pamengku gati.  Praptanira calon penganten miwah pengombyong ngaturaken pambagya kawilujengan. —————————(gendhing Ladrang Sri Wilujeng)————————             Nalika samana risang calon penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng  mratitisaken satataning lampah. Sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu Slamet Utomo ingkang arsa bebesanan kaliyan Bapak-Ibu Sugeng Raharjo kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud, lan warninira.             Wus tinata lampahing risang calon penganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetungguling lampah Ba...

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antara...

Pambagyaharja Adicara Midodareni

Nuwun, Para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, sarta para tamu ingkang sutresna. Awit saking mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu ... keparenga kula matur wonten ngarsa panjenengan. Rumentahing puja hastawa saking Ngarsa Dalem Alloh SWT Ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira déning panjenenganipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan. Ing madyaning pepanggihan menika sawetawis panjenengan lenggah, kula ngaturaken pambagya kawilujengan sugeng rawuh. Panjenengan sampun kasdu rawuh saprelu paring pangèstu hangestreni tumapaking adicara menika. Awit saking menika, kula ngaturaken agunging panuwun, sukaning manah kula tanpa pepindhan. Kula tansah memuji bilih krentenging tekad bebesanan saged kalajengaken ngantos ing titi wanci dhaup palakrama. Lan ugi kula sakulawarga tansah nyuwun puji pandonga paduka para tamu pamrih sesambetanipun anak kula, Nini Rara Sekar kaliyan Nakmas Bagus Bayu Tirta Aji saged tetep lestari dumugi ing mangsa palakrama. Panyu...