Langsung ke konten utama

Wangsalan

WANGSALAN
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake.
Peranganing wangsalan iku ana 3, yaiku:
  1. Ukara wangsalan     : unen-unen kang kudu dibatang utawa cangkrimane
  2. Batangan                 : bedhekan/jawaban kang sabenere
  3. Tebusan                   : jawaban utawa wangsulan kang wis ditulis sajroning wangsalan nanging durung pati cetha
Jinising wangsalan:
  1. Wangsalan Lamba
Lamba iku tegese siji. Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang batangane nung ana siji.
Tuladhane:
  1. Jangkrik gedhe, dheweke lagi duwe sir kok.
Ukara wangsalan          : jangkrik gedhe
Batangan                      : gangsir
Tebusan                        : sir
  1. Bocah cilik aja ngrokok cendhak, senengane neges-neges ngendikane wong tuwa.
Ukara wangsalan          : ngrokok cendhak
Batangan                      : tegesan
Tebusan                        : neges-neges
  1. Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang batangane luwih saka siji.
Tuladhane:
  1. Jenang sela, wader kalen sesondheran.
Ngapunten yen wonten lepat kula
UW 1: Jenang sela                                B1: apu            T1: ngapunten
UW 2: wader kalen sesondheran          B2: sepat         T2: lepat
  1. Sela alus, pring kang rinujit miring
Aja wangkal yen diutus wong tuwa
UW 1: sela alus                                     B1: wungkal                T1: wangkal
UW 2: pring kang rinujit miring           B2: tutus                     T2: diutus
  1. Wangsalan Memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang batangane mung siji, nanging anggone nggoleki batangane ambal kaping pindho.
Tuladha:
Anggone mlaku nguler kambang wae wong isih peteng
UW  : nguler kambang
B      : lintah à satitahe à alon-alon
T       : alon-alon
Katrangan : wanda tali tembung lintah dianggep wancahane tembung satitahe kang tegese alon-alon.
  1. Wangsalan Padinan
Wangsalan padinan yaiku wangsalan kang lumrahe dianggo ana ing pacelathon.
Wangsalan padinan iku ana loro:
  1. Kang wis nyebutake batangane
Tuladhane:
1)      Dipring ijo aku mau, kapusan tenan.a
UW  : dipring ijo
B      : apus
T       : kapusan
2)      Sepedha rodha telu kene, linggih lincak karo mangan tahu.
UW  : sepedha rodha telu
B      : becak
T       : lincak
  1. Ora nyebutake batangane
Tuladhane:
1)      Isih enom kok njangan gori
Ukara wangsalan      : njangan gori
Batangan                  : gudheg
Tebusan/karepe        : mbudheg
2)      Ditakoni kok malah kur ngembang suruh
Ukara wangsalan      : ngembang suruh
Batangan                  : drenges
Tebusan/karepe        : cengengesan/mrengas-mrenges
  1. Wangasalan Edi Peni / wangsalan purwakanthi basa
Wangsalan edi peni yaiku wangsalan kang migunakake purwakanthi basa/putwakanthi lumaksita.
Titikane:
-             Unen-unen kedadean saka rong ukara (awujud wangsalan rangkep)
-             Ukara kapisan mawa purwakanthi lumaksita (ana tembung kang dibaleni)
Tuladha:
Bayem arda, ardane ngrasuk busana
Mari anteng, besuse saya ketara
UW 1           : bayem arda                            B1: lateng        T1: anteng
UW 2           : ardane ngrasuk busana          B2: besus         T2: besuse
  1. Wangsalan mawa paugeran tartamtu
Yaiku wangsalan kang pinathok ing guru wilangan (cacahing wanda).
  1. Mawa paugeran 4 wanda + 8 wanda
-          Awujud wangsalan lamba (batangane mung siji)
-          Mung saukara kang kadaean saka rong gatra
-          Gatra ngarep (isi wangsalan) 4 wanda
-          Gatra buri (isi barangan) 8 wanda
Tuladha:
1)      Roning kamal, mumpung anom sing tawakal
UW  : roning kamal
B      : sinom
T       : anom
2)      Jamang wakul, aja kurang ing pamengku
UW  : jamang wakul
B      : wengku
T       : pamengku
  1. Mawa paugeran (4 wanda + 8 wanda) x 2
-          Awujud wangsalan rangkep (batangane luwih saka siji)
-          Rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra
-          Ukara kapisan (isi wangsalan) 2 gatra
-          Ukara kapindho (isi batangan) 2 gatra
Tuladha:
Kunir pita, andhenging ukara kidung
Tinemune kaserat ingkang waspada
UW 1     : kunir pita                                           UW2   : andhenging ukara kidung
B 1          : temu                                                    B2        : pada
T 1          : tinemune                                           T2        : waspada
  1. Wangsalan kang sinawung ing tembang
Yaiku wangsalan kang ana ing cakepan tembang. Umpamane ing tembang macapat, langgam, campursari, lsp.
Tuladhane:
Tembang macapat pangkur

Jarak pindha munggwing wana (B: woh kesambi; T: nyenyambi)
Sayang kaga, werekta ingkang muroni (B1: kala; T1: kalaning. B2: anggur; T2: nganggur)
Nyenyambi kalaning nganggur
Wastra tumrap mustaka (B: iket; T: pangikete)
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Baon sabin ing nawala (B: karya; T: kinarya)
Kinarya langen pribadi

Langgam “Kangen”

Jenang gula ya mas ya mbok aja lali             (UW: jenang gula)
Ngelingana rikala jaman semana                  (B: glali; T: lali)

Klapa mudha enake kanggo rujakan            (UW: klapa mudha)
Leganana aku kang nandhang kasmaran     (B: degan; T: leganana)
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti     (UW: mbalung janur)
Ngusadani wong kangen ndang antuk jampi (B: sada; T: ngusadani)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Unggah-ungguh basa Jawa ( Unggah-ungguh bahasa Jawa )

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku : Basa ngoko, kaperang dadi 2,  yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. Basa Kedhaton. Basa Kasar. A. BASA MADYA       Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.  Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku : 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung : Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane : Aku, dadi kula Kowé, dio

Ukara Sambawa

UKARA SAMBAWA Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula, wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe. Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun. Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira… (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???) Hehe kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you… (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh). heheh

Upacaran Adat Jawa

Ngupat Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi . Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat . Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni . Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir. Makna Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa. Wektu Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa . Ngliman Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan . Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane c